Senin, 16 April 2012

Serat Harjuna Wihaha


MINTARAGA
ARJUNA WIWAHA
Kata Pengantar
B. CiptoningBahagialah kita, bangsa Indonesia, bahwa hampir di setiap daerah di seluruh tanah air hingga kina masih tersimpan karya-karya sastra lama, yang pada hakikatnya adalah cagar budaya nasinoal kita. Kesemuanya itu merupakan tuangan pengalaman jiwa bangsa yang dapat dijadikan sumber penelitian bagi pembinaan dan pengembangan kebudayaan dan ilmu di segala bidang.
Karya sastra lama akan dapat memberikan khazanah ilmu pengetahuan  yang beraneka ragam macamnya. Penggalian karya sastra lamayang tersebar di daerah-daerah ini, akan menghasilkan ciri-ciri khas kebudayaan daerah, yang meliputi pula pandangan hidup serta landasan faisafah yang mulia dan tinggi nilainya. Modal semacam itu, yang tersimpan dalam karya-karya sastra daerah, akhirnya akan dapat juga menunjang kekayaan sastra Indonesia pada umumnya.
Pemeliharaan, pem,binaan, dan penggalian sastra daerah jelas akan besar sekali bantuannya dalam usaha kita untuk membina kebudayaan nasional pada umumnya, dan pengarahan pedidikan pada khusunya.
Saling pengertian antar daerah, yang sangat besar artinya bagi pemeliharaan kerukunan hidup antar suku dan agama, akan dapat tercipta pula, bila sastra-sastra daerah termuat dalam karya sastra lama itu, diterjemahkan atau diungkapkan dalam bahasa Indonesia. Dalam taraf pembangunan bangsa dewasa ini manusia-manusia Indonesia sungguh memerlukan sekali warisan rohaniah yang terkandung dalam sastra-sastra daerah itu. Kita yakin bahwa segala sesuatunya yang dapat tergali dari dalamnya tidak hanya akan berguna bagi daerah yang bersangkutan saja, melainkan juga akan dapat bermanfaat bagi seluruh bangsa Indonesia, bahkan lebih dari itu, ia akan dapat menjelma menjadi sumbangan yang khas sifatnya bagi pengembangan sastra dunia. Sejalan dan seirama dengan pertimbangan tersebut di atas, kami sajikan pada kesempatan ini suatu karya sastra daerah Jawa yang dapat bermanfaat bagi kita semua, dan generasi yang akan datang.
SERAT HARJUNA WIWAHA
Ing basa Kawi karanganipun Resi Kano, sampun kajawakaken ing tembung Kawi saking kapareng dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan ingkang kapinn III ing Surakarta.
Kawangun dening Raden Mas Suwandi ing Surakarta, kalaras nggann\gge guru lagu wicalan, ingkang supados boten damel kithaling pamaos.
PUPUH I
ASMARADANA
Ra seneng driya nawung kingkin, hanulad mring kawi radya, dennya paksa driyrdane, maspadakken crita tama, sumedya ngewahana, wantune wong mudha punggung, dimen sami ingaranan.
Lir sarjana kang luwih, tan panon rat idhepira, de ra tan wruh mring bodhone, reka-reka ngrakit gita, sayekti mung kinarya, panglipuring kawlasayun, dennya nuhun duka cita.
Darunane arseng kapti, mulat marang srat wiwaha, Empu Kano pangikete, winangun Jeng Sri Narendra, Sinuhun Susuhunan, kaping tiga Sang Prabu, jumeneng neng Surakarta.
Pangiketing prameng kawi, sinantunan tembung jarwa, ananging ta suprandene, kathak kithal yen winaca, ingiket mangke kadya, kadi jaman kang kalaku, nulada para prameng sastra.
Duk winangun amarengi, gathit enjang tabuh sapta, ri Respati Cemengane, panca likur de kang candra, Ramelan Be ing warsa, raseng yaksa ngesthi sunu, kanang mangsa pan kasanga.
De ra mangun mung supadi, amrih gampil yen winaca, ananging ta caritane, datan ana ingewahan, reroncen ugi samya, amung lagu kang winangun, manut dhongdhinging ukara.
Nenggih mangke kang winarni, bubukaning kang carita, Risang Parta kasetene, kalok saking ing kayangan, nira Sang Batharendra, duk nalikanira iku, duh kita Sang Batharendra.
Ing dados wosing kinkin, dennya arsa linurugan, yaksa raja pambekane, langkung dening puwa-puwa, Niwata maharaja, kasub ing rat ywan pinunjul, kadigdayan kanuragan.
Dene dununging prajadi, ing Semeru sakidulnya, dennya arsa nglurug age, saking antuk kaluwihan, saking Hyang Girinata, sakti mandra guna tuhu, tan na braja tumama.
Datan pejah lan dewadi, myang tan pejah dening buta, Sang Hyang Siwah pamecane, iya benjang bisa pejah, kalamun ana janma, mara taoa dibya luhung, yeku ingkang mejahana.
Mila dadya ginem pikir, sadayaning pra Jawata, ewuha ya pratikele, nggennya arsa linurugan, Niwata Sri Narendra, mung sajuga esthinipun, ingkang sampun dipun weca.
Sang Hyang Siwah ingkang mangsit, manungsa kang mara tapa, Sang Niwata ing patine, samngke ing Endrakila, ana wong mara tapa, Risang Parta wastanipun, panengahing para Pandawa.
Nanging Sanghany Endra maksih, sajroning tyas semang-semang, de durung wruh sajatine, dennya mesu tapa brata, apa nggayuh kamuksan, apa iya amrih luhung, minta marang ing Jawata.
Apa minta jayeng jurit, lamun minta kadigdayan, sayekti yen kena tembe, dipun pinta srayeng Dewa, mejahi yaksa raja, yen wus antuk nugraha gung, yekti bisa mbengkas karya.
Yen Hajuna tan antuk sih, sayekti yen tanpa karya, ngambil sraya mring dheweke, samangkana Anghyang Endra, denira ngnandika, arsa nyoba karsanipun, rinancaneng waranggana.
Lamun puguh mati ragi, tan keni mring pangrencana, aneng kono sayektine, dadine den ambil sraya, yen keni pengrencana, tan pakarya tapanipun, masih sor lan panca driya.
Dene ingkang dipun piji, angrencana mring Sang Parta, widadari kapitune, isen-isen Suralaya, antuke duk ing kuna, widadari kang pipitu, sami saking mulat ita.
Tegesipun mulat nenggih, sosotya kang adi mulya, widadari pitu ingkang, ngluwih warnanira, mung kakalih langkung ayu, Sang Supraba wastanira.
Wilutama jangkep kalih, tan prabeda warnanira, sesenengan pamilike, Dewi Ratih sor prabawa, tuhu yen tanpa sama, sagung widadari kusut, anglir murca kinedhepna.
Sawusira sami dadi, widadari sapta ika, kinen ta ya sadayane, tegesipun basa taya, ngigeling widadara, pra Jawata yun andulu, sru kayungyun uninga.
Panggigeling widadari angideri sagaranya, kaping tigang ubengune, awismaya pra Jawata, tegese awismaya, sru kasmaran Jawata gung, arsa ngusap wenira.
PUPUH II
S I N O M
Sanghyang Brama dennya miyat, pingigeling widadari, ndadak catur muka papak, lawan Sanghayng Endra ugi, soca papat umeksi, pra Jawata sagungipun, amulat netya tiga, aneng kanan lawan kering, ing julukan netya ingkang satunggal.
Milanipun pra Jawata, miyaraken ing pangeksi, saking sruning laras mara, miyat langen ing Swarga di, tumembe samya uning, widadari tayanippun, weh brangta pra Jawata, tan wonten kang nora brangti, maring para widadari sapta ika.
Wusing taya tinimbalan, widadari sapta iji, Sanghyang Endra angandika, heh Supraba Nini Dewi, lan Wilutama malih, sakancamu kabeh pitu, aywa wedi kangelan, babo ingsun mengko nyilih, sagung raras ruming reh lan ayunira.
Sira mengko lumakuwa, mring pratapan Sang Ayogi, Harjuna nggennya martapa, awasena den pratitis, subratanira mangkin, yoga brata dennya nekung, kalamun sira wignya, pan Harjuna iku garwane sekawan.
Ing kocap yu utama, mung titiga kang yu luwih, padmi aran Sang Sumbrada, Manohara lawan malih, Ulupi jangklepe tri, nadyan kabeh luwih ayu, yektine durung padha, marang warni-nira Nini, pan kadasa guna ayuning manungsa.
Iya masa ngasorena, mring ayuning widadari, muwus malih Sanghyang Endra, mring Supraba nabda aris, sung andelake ugi, mring ayunta Nini pitu, yekti yen tanpa karya,  raras ruming angsana di, tumandhinga iya maksih raras sira.
Kapalayu angumbara, raras ruming angsana di, ngungsi marang mega, mendhung layat tanpa kardi, rarasing sekar gambir, tumandhinga rarasipun, gandaning ukelira, lamun ngore den kajrihi, marang sekar gandhung iya raras sira.
Nadyan silih Sang Bathara, Kamajaya iku Nini, ningalana marang sira, weruh warna ayu luwih, sayekti lamun kontit, asihe mring rabi lebur, tumumpek sih mring sira, tan enget mring Dewi Ratih, destun mimba Dewi Ratih lawan sira.
Sanghyang Endra pujinira, marang sagung widadari, nulya kinen mangkat samya, mring patapan Sang Ayogi, tan miyang kabeh sami, widadadri sadaya wus, anembah pamit sigra, mring Bathara Endra nuli, mesat saking ngarsa anapak gagana.
Sami nglayang lampahira, wau para widadari, lir maruta mandra nulya, prapteng paran widadari, parakan para cethi, sami ngiring aneng pungkur, saking ing katebihan, wus katingal dhepok wukir, dunungira pratapane Sang Harjuna.
Widadari risaksana, sigra-sigra anuruni, nenggih saking ing gagana, widadari ngambah siti, lumampahira aris, sapraptaning anggreng gunung, anenggih Endrakila, lampahe pra widadari, tansah dennya wirandhungan jroning driya.
Wanci enjang dennya prapta, aneng Endrakila wukir, sadaya pra widadari, kawigaran jroning galih, tegesing basa kawi, kawigaran maknanipun samya gung suka-suka, lampahe pra widadari, wit cemara kumlap kasilir pawana.
Neng gigiring Endrakila, lampahe pra widadari, ron cemara katyup barat, lir amangsit kinen bali, marang kang nembe prapti, wonten malih kang winuwus, pradapa manis kalyan, sru kumelap katyup angin, esthinira kadi sagung widadara.
Pan ingajak tandhing raras, panantange kayu manis, heh sagung pra widadara, lawan ingsun manis endi, pamulunira sami, iya lawan pradapeng sun, lan payudanira, lan abang-abanging lathi, iya lawan rarasing pradapaningwang.
Sakathahe wana wisma, ingkang sami den langkungi, dening para waranggana, kang munggeng ing kanan kering, saurutireng margi, nanging yekti tan kadulu, de sami kaalingen, dening awun-awun yekti, datan cetha lamat-lamat katingalan.
Dennya sami katawengan, dening himalaya yekti, yata wonten kang bremara, dennya arsa ngingsep sari, maduning sekar kuning, nging kalingan awun-awun, suwarna kanang sekar, bremara sru cuweng ati, sigra mabur bremara marang wiyat.
Mumbul sarwi tilar swara, cuweng tyas tan ngingsep sari, wonten malih peksi merak, mencok ing pang kayu wangi, candhana teges neki, angakingken elaripun, elaring merak nulya, kacepit pang kayu wangi, dennya mencok si merak ayun-ayunan.
Lampahira waranggana, duk samana sampun prapti, ngambah aneng babanjaran, patapane Sang Ayogi, dene ta kang kinardi, bal-imbalanireng enu, candhani selanira, babanjaran rata radin, pan ingapit-apit dening kayu ingas.
Kalawan kang nungsung guywa, jinarwanan den makani, wit kalasem tegesira, lingan werdinipun wuni, lampahe widadari, anut imbang-imbang gunung, jujurang sami girang, waranggana ika nenggih, aningali wau lalangening marga.
Wonten wau katingalan, kaya prih gung angungkuli, parang jero katingalan, weh enggaring widadari, parang jro ana keksi, kukuwunge amalengkung, ing enu ilang truhnya, riris mawur nglambung wukir, maweh girang dennya kasenenan surya.
Paparang gung ngungkang jurang, nglambung parang medal warih, tibeng sela sumayana, sumilaking toya wening, wonten res-eres muni, aneng tawang awara uymung, sundari preng munya, tegese res-eres nenggih, pan kadhasih asih dennya munyeng tawang.
Kang sundari anyabawa, muni katyup dening angin, malih wonten katinggalan, pradapaning wlas res nenggih, tegese wlas res iki, pradapaneng jeringipun, alumungka pawahan, isthanira pradapeng jring, ya ta kadi angawe mring waranggana.
Duk anon langening arga, wau para widadari, pucak arga katingalan, kekemulan mega putih, warnane kanang ardi, kadi katon Risang Wiku, mega kang ngangkulana, lir kethuning Risang Resi, kadi basma cicithake kaki ajar.
Ingkang aneng bathukira, lawan wonten pitung keksi, tumuwuh neng lambung arga, tlaga jurung den ungkuli, katempuh dening angin, kanang petung nyawuk banyu, petunge kang umpama, lir banyune Risang Resi, pamyawuking petung marang sagung tirta.
Kadya tekes arca nama, tegesipun tekes nenggih, akekemu jarwanira, arca nama raup iki, malih wonten kaeksi, kakayoning wowohan gung, upamaning wowohan, lir sinegahaken sami, marang sagung widadari ingkang prapta.
Dahat dennya wirandhungan, lampahe pra widadari, sampun ngraos sanes saban, pandulune ugi salin, wau ta lampah neki, ngangge laku anyar niku, tegese laku anyar, lelewane den waoni, wit katinggal patapan Sang Mintaraga.
Kaleban wawangi ngambar, awor sekar gandanya mrik, sumarsana gadhing mekar, mila dadya amrik minging, kaleban ganda sung mrik, samangkana dadya rapuh, driyarda mawuyangan, mama rapuh ing panggalih, widadari dening kapasuk asmara.
Duk samana samya rarywan, widadari sapta sami, linggih sela sumayana, sumayana dan jarwani, iyeku watu yekti, sumayan tegesipun, anenggih kumalasa, nenggih aneng watu ingkang kumalasa.
Kasongan Harjuna tarywa, kang Harjuna taru iki, jinarwan pan rejasa, kala nedheng sekar dadi, pradapa ri yu keksi, rejasane katon munggul, rumembe, ngungkulana, kanang watu kumalasa di, lininggihan pra waranggana sadaya.
Munggeng beji samya atap, kapitu pra widadari, atepining beji ana, lir ukiran pened keksi, tegese pened ukir, kir-ukirane kang watu, lumuten warnanira, kadi janma wedhak wilis, ayun adus ing beji wening kang tirta.
Kaungkulan ing won denta, nedheng meteng-meteng dadi runtuh aglar aneng kisma, ambalasah pinggir beji, nanging widadari sagung, dudu poh gadhing ika, ingkang dipun kayungyuni, dene ingkang den kayunken waranggana.
Wilasa  kang ingupaya, yeku ingkang den karsani, de tegese kang wilasa, asmaraning driya iki, wilasa den wastani, wekas-wekasing lara kung, ngungkihken jronireng tyas, bengkasa tyas nawung kingkin, lah puniku karsane pra waranggana.
Sawusira dangu rarywan, wau para widadari, sami ginem dennya karsa, ana kudu mangkat nuli, pan ana kudu kari, ana putung alisipun saweneh ngodha-odha, sukunipun manjing warih, ana ingkang den pijiti pupunira.
Dening cethi waranggana, myang kang lagya toya rahi, katon ewah ukelira, angilo mring toya pilih, tegese toya pilih, langkung wening kang ranu, marmane ngilo ika, wau ingkang widadari, nggenya matrap mamatut, sariranira.
Wiragane weh arimang, aywa kongsi ngaping kalih, lamun sampun sami prapta, aneng ngarseng Mintaragi, anulya wacana ris, Sang Supraba manis rum, mring Retna Wilutama, heh robaya paran kapti, prayogane ing tindak panggodhanira.
Punapi ta nulya pangkat, ing tengenge sapuniki, lah ta mangke kadiparan, para kadhang widadari, umatur Sang Renadi, Wilutama ririh arum, dewati atur kula, yen suwawi lan marengi, sampun mangkat ing wanci tengange mangkya.
Karanane langkung lapa, bentenipun anglangkungi, ngrisakaken papaesan, ngusutaken warni yekti, kalamun amarungi, ywan wus Sanghyang Surya nerus, anuwun nunten pangkat, mring patapan Mintaragi, nuju dalu robaya pareng purnama.
Ri turun sih pan utama, tegesipun ri turun sih, de purnama sidhi lawan, nuji ari nggara kasih, wukune amarengi, mandhasiya nedhengipun, anedha kendhel mangkya, ngantos suruping Hyang Rawi, sami mepak papaesipun kang endah.
Muwus malih Sang Supraba, patembaya lah punapi, pakenira maksih warna, kadi warni wingi uni, awarni widadari, nggennya nggodheng Parta Wiku, sumaur Wilutama, lah robaya kadi pundi, nggih punapa kang kinarsan pakenira.
Muwus malih Sang Supraba, heh robaya lamun ugi, pakenira maksih rupa, kadi warni widadari, sayekti mindho kardi, tan kagodha temahipun, tapane Sang Harjuna, sayekti lamun utami, lakunira yen pangrencaneng Hyang Endra.
Masa ndadak antuk karya, lampahe pra widadari, boten kenging ginagampang, tapane Sang Mintaragi, anungku suksma jati, Sang Harjuna tapanipun, dhuh lae kadiparan, lah robaya paran kapti, saurira Wilutama mring Supraba.
Kalamun si makatena, sang robaya kang kinapti, kadi pundi reh andika, mangke kantun anglampahi, Supraba napda malih, robaya yen sampun rembug, samangke kajeng kula, widadari pitung iji, sami nelad warnane janma manungsa.
Anelada warnanira, garwane Sang Parta sami, ingkang kantun neng negara, kula nekad garwa padmi, Sumbadra kang wawangi, dene ika warnanipun yektine yu utama, anglir gambar bisa mesik, wayah taksih anem Sang Wara Sumbadra.
Anteng ruruh ambekira, awehe edan kang udani, lumrah kakung kalenglengan, ngusutbae ayu luwih, antenge trusung budi, jatmikane teka nerus, pamuluning sarira, anglir sekar cempaka di, nedheng mekar kongasing ganda rum ngambar.
Langkung lebet semunira, nora keni yen dinugi, bubuh dene Sang Sumbadra, kinadaman sagung putri, pan durung ngudamani, mring sagung wong watekipun, kang aran Sang Sumbadra, iku ingkang ingsun irib, sasolahe si Sumbadra ingsun telad.
Muwus malih Sang Supraba, heh robaya yen suwawi, pakenira anelada nenggih, warneng sang sudewi panggulu garwaneki, sang Harjuna parabipun, ran Dewi Manohara, tinelada ing samangkin, warnanira kadi gambar bisa ngucap.
Tinon ruruh tur jatmika, tan ana wong den rengoni, manis liringireng ulat, mamanise ndudut ati, suwarmanira ugi, Manohara sang retna ya apaes ayu endah, nadyan ngusut ayu luwih, warnanira baune welar tur wijang.
Luwih ingkang payudara, dadya madya kurang ramping, ambyataning payudara, sedheng madya amantesi, lir gora tawon nenggih, gora tawon tegesipun, tapane tan gumana, Manohara sang retna di, madya nira lir tawon lagya gumana.
Titis-titis barang karya, Manohara ayu luwih, puniku yen …cara, mamanise manas ati, sagunging barangmanis asru amor yen dinulu, hyang-hyang pudhak sinurat, metu saking paking lading, kang minangka nenggih lading panulisan.
Muwus malih Sang Supraba, nenggih marang Sang Warsini, heh robaya pakenira, lamun ndika nyawaweni, nelada ingkang warni, iya marang garwanipun, nelada ingkang warni, iya marang garwanipun, Sang Parta kang panengah, putri adi akakasih, sang Ulapi ingkang warnane yu endah.
Yeku putri saking arga, Resi Kano kang sisiwi, putri adi pina-puja, warnanira Sang Ulapi, ulate langkung manis, lindri-lindri nglawan tunjung, biru lir inguiran, ngancana di moh lah keksi, maweh suka ingulat bisa akarya.
La-elaning driya rimang, bisa karya raras ati, yogya dadi gurunira, mring wong ayudonya iki, wajane apan kadi, sanening herthathit barung, mila sakeh wong miyat, wawayangane kaeksi, tumibane wayangan katon neng waja.
Angling malih Sang Supraba, mring Surendra nabda aris, pakeniro aniruwa, warnane Dyah Gandawati, garwane Sang Pamadi, kang sumendhi, ayu punjul, parabe sang lir retna, iya Dewi Gandawati, yen lumampah remene agembat madya.
Madya kadi ywan putunga, pangembate yen lumaris, alon liringireng tingal, semu manis kaduk liring, tan karem ngadi ragi, amanggangge muncar murub, milane datan arsa, dene uwus ayu luwih, sasolahe wimbuh ayune kawangwang.
Katon manisireng ulat, wignya ndudut-ndudut ati, pamulune kang sarira, jenar muyeg semu wilis, pan Dewi Gandawati, datan watak sugih guyu, ameming wicaranya, iya Dewi Gandawati, karenane tan watek gumuyu suka.
Kang piningit gusinira, nora aweh yen kaeksi, lamun iku ketingalan, gustinira amateni, marang kang wruh gugusi, sing amulat mangu jetung, yekti yen mati rimang, ora-orane ndaleming, pandleminge tan lya Dewi Gandawati.
Nabda malih Sang Supraba, mring Sang Gagarmayang aris, heh robaya pakenira, anelada warna kadi, Srikandhi sang retna di, ika garwa kang waruju, pamulunira raras, sarirane Sang Srikandhi, pindha emas ruru mentas sinepuhan.
Liring galak eber ulat, pasemone langkung lungit, tuhu putus ing aksara, rampung marang basa Kawi, lan malihipun kadi, jajaruman sang retna yu, karsane Sang Srikandhi jaruman padha sihira.
Mangkana pan sampun telas, para watek widadari, anelad ing garwanira, para garwaneng Pandhusiwi, tumiling Sanghyang Rawi, mlampah ngilen arsa surup, mring lambunging ancala, saka-thehing widadari, adan sami papaes ginula drawa.
PUPUH III
DHANDHANGGULA
Sampun denya papaes sami, kang maesi pra widadari, parekane dhewe-dhewe, dene ta paesanipun, wau ingkang pra widadari, pra samya rebut endah, amrih yu pinunjul, datan ana mindho karya, wus apupul paese mimbuhi manis, tangeh yen winicara.
Wusing paes sagung widadari, lir manising kang manggis karengat, mindak dalu papaese, apan ta kinaluku, kinela ing gula drawa di, sinalah madu kilang uwus pasthinipun, mangkana ta warnanira, mamanise wau para widadari, sawusing paesira.
Raras ruming paes semu wingit, widadari sigra denya pangkat, duk adungkap ing praptane, wau ta kang kadulu, wiwaraning guwa tulya sri, apan ta katingalan, banjar sri kadulu, marga marang ing patapan, tan asuwe prapta ingkang widadari, guwa geng majeng ngetan.
Angayunken jurang langkung sepi, wali kadhep kang aneng jro jurang, kethap-kethap pradapane, isthane prada pasung, wali kadhep puniku kadi, angatag waranggana, aken den agupuh, malekuwa jroning guwa, widadari prapta sajawining kori, samyarsa mlebeng guwa.
Apan sonya patapane mamring, datan ana sabawaning janma, atanapi sato iwen, tan ana ngambah ngriku, dene widadari kang prapti, kang katon mung padupan, tan na sanesipun, nanging datan mantra-mantra, isi agni wuryaning pasapon sepi, tan ana labetira.
Sami mijal dhukute andadi, mangka sagung ingkang waranggana, apan awor asmarane, angungak-ungak, jroning guwa iku, kadya emas kir-ukiran, murup kadi sasangka purnama sidhi, tingaling waranggana.
Hamung ana Risang Mahayekti, Mintaraga aneng jroning guwa, mesu budi pakaryane, dhatengken mring panekung, meleng ing tyas yoga semedi, anenggih jroning guwa, katon abra murub, jumeneng geng prabanira, Sang Harjuna pratingkahira semedi, denira minta raga.
sila tumpang ngayunaken maring, pamelengan asta kalihira, kang minangka tutumpange, astane iku, kang panuduh kewala lungit, lungiting kang dariya, yeku leresipun, tutunge ing grananira, ingaranan pratingkahing semedi, ptitis grana sika.
Meleng pejah ing sajroning urip, sang Harjuna wus sarira suksma, paningalan pamyarsane, miwah ta kang pangambu, angen-angen ngulihaken sami, dhateng ing sangkan paran, Risang Parta sampun, apranawa jinarwanan, prana atiwa papadhang den tegesi, ilang ing kamanungsan.
Wus angraga suksmane sayekti, dadya mangke ing sakathahira, ingkang panca driya kabeh, satuhu lamun luput, Sang Harjuna apan ta nenggih, asanget mesu brata, denya sru manekung, marma luput ing bancana, dene sampun angraga suksma sajati, ngulihken panca driya.
Nulya wau kang mangsah rumiyin, Sang Supraba ingkang mimba warna, Sang Sumbadra suwarnane, praptane sigra muwus, rerh raras angasih-asih, Rahadyan Parta kula, mangke dasihipun, nusul kangen mring andika, satuhune paran sun Sumbadra brangti, ywan tulus kangen pejah.
Dhuh pangeran amba tur udani, ing sapengker tuwan mara tapa, kadi lamun pejah age, kalamun lamong nulus, pejah nglamong wak amba mangkin, sing kangen mring andika, kula sengguh lamun, ndika wonten swarga loka, dadya kula sumusul mring suranadi, dumadak tan kapanggya.
Nunten kula susul prapteng ngriki, perlu nusul maring jengandika, dahat atur kula mangke, dhumateng sang binagus, lah punapa kang dados galih, wiwit duk ndika kesah, nilar dasihipun, kawulane kawlas arsa, mring Drakila tinapakaken punapi, punapa kirang ndika.
De kawula datan kraos sisip, lah kondura sakedhap kewala, dennya lampah amba age, wit kadang ndika lampus, pejahira dipun pejahi, dening Sang Duryudana, lah ta ndaweg kondur, pan mangkana wuwusira, sang Supraba sarwi tawan-tawan tangis, luhira marawayan.
Mijil saking locananireki, tumibane alantaran uwang, payudara tumibane, andheging luh neng ngriku, wonga-wonga kebek sami, tegese wonga-wonga, ireng-irengipun, payudara kang gumana, karya seming kasmekanira sang dewi, lir langen jro supena.
Ya ta Risang Harjuna tan gingsir, manahira dening pangucapnya, Sang Supraba tanpa gawe, anulya ingkang rawuh, Wilutama sang retna dewi, kang mindha warnanira, Manohara wau, panganggene kinathahan, arum-arum winot sarira menuhi, wau sangmimba warna.
Mila dahat praptane angirit, sagung ganda ing Indra Bawana, kongas minging sru gandane, wewedhakira mungguh, pulanggene tuhu ngraketi, katonton bau wijang, sagunging raras rum, sadayane ganda ngambar, lawan sinjangira risang malih warni, rinatus kasturinya.
Marma lamun sru katiyup angin, silir arum ginaweng maruta, muleg amrik jro guwane, sumriking ganda marbut, payudara dipun cacabi, kum-kuma kang kinarya, wau sekaripun, sadak gadhing tegesira, kancing gelung tinlesepaken mantesi, dadi lan mungguhira.
Asusumping sang amindha warni, dene santun ukele sang retna, nalika prapta ngarsane, Harjuna maha wiku, mesem-mesem angujiwati, Sang Dewi Wilutama, marma gung gumuyu, angatingalaken waja, ingkang kadi madu subrata kenyaring, warnane ingkang waja.
Wonten prapta widadari malik, teka linggih ing sapraptanira, aneng keringe Pamade, papaesira patut, widadari iku winarni, angangge gelang kana, sungsun-sungsunipun, kalih sisih sungsunira, kelat bau ali-ali sosotya di, ujwaleng mirah muncar.
Cundhuk sekar panelad jinarwi, kang panelad kencana ginubah, lawan sekar malathine, lamatan ingkang pupur, melok nora angatawisi, asisik luru muncar, risang santun lagu, kawacane lungsir pethak, tibanireng payudara kwaca lungsir, katyup ing samirana.
Tumibane teka angraketi, payudara kang pedah nyu denta, anglir petha ing warnane, petanireng prembayun, wonten dene tegese iki, palenthung toya petha, apan wimbuh luhung, busananing waranggana, papaese katonton teka ngluwihi, samining waranggana.
Ya ta wonten ingkang widadari, praptanira wau sigra-sigra, pantes gretol gegelunge, tutupe kang gelung, pantes saking kancana adi, tingkahe angrencana, bau reksa iku, manik ijo kang kinarya, widadari warnane lir Dewi Ratih, paesa langkung pelag.
Sagung wida-wida apeki, maweh kucem senening sosotya, urap-urap kasturine, winoran prada luhung, lir muksa kinedhepna, warna sang dewa yu, sadayane pan mangkana, widadari kang sami olah mamanis, denira angrencana.
Wonten malih widadari prapti, langkung jenar sariranira, lir kenyaring wulan gedhe, agawe rarasing rum, sajak mentas siram sang dewi, keramas ngore rema, lungsir ulisipun, pethakireng waja memplak, den ganteni ping tiga, kenyare kengis, mrik minging kang kum-kuma.
Keh upayanira widadari, ndhatengaken pangrencananira, datan taha sasolahe, sru kaduk patrapipun, andhepeli saking ing wingking, apan den wasa-wasa, Risang Parta wau, dene ingkang wasa-wasa, paripaksa patraping godha nemeni, pan payudaranira.
Dipun cacap sakehing wawangi, den arasken marang Sang Pandhita, tanpa taha sasolahe, astanira sinambut, rinangkulken jangga anuli, sumampir payudara, nenggih dhawahipun, astanira kang sajuga, den pelukken madyane sang kadi Raatih, anangga payudara.
Lan sinjange arangrangas lungsir, tur linamba amung ubet pisan, anglir mega ngarang dene, sinawang ing pandulu, kengis kadi wimbaning sasi, ana sang waranggana, leyang-leyang pupunira Risang Mintaraga, mandeng tingal tumanduk mring sang apekik, marmane mandeng tingal.
Dennya masang guna lawan dhesthi, kang supadi wigya matek japa, guna dhesthi panglengane, wau lingireng kalbu, widadari ingkang den esthi, kalamun Risang Parta, anon dhewekipun, den pasthekken lamun kena, gunanira masa ndadak ngaping kalih, sanadyan lir jajaka.
Tur jajaka ingkang putus ngelmi, pesthi keneng ing dhesthi manira, widadari satemahe, lir kadi dupanipun, padupane timah upami, nalika kadunungan, agni temah luluh, luluhireng dupa timah, luluh saking ing asmara nala nenggih, mangkana wuwusira.
Solahireng godha warni-warni, widadari marang tapanira, Sang Harjuna semadine, ing mangke ta meh surup, Sanghyang Arka atunggang wukir, ginantyan Hyang Sasangka, apan ta meh mungup, sing pracima duk purnama, nanging Sanghyang Surya sumurupe maring, marang ing purwagennya.
Nanging rasa-rasa dereng apti, diwangkara ika marmanira, rasarasen sumurupe, dene ta maksih iku, kami Sang Wiku, sasolahe yu uninga, marma suwe tak semurup Sanghyang Rawi, kalingan ing malaya.
Ya ta wau sagung widadari, sru kasmaran mring Sang Wiku mudha, katontonen sasolahe, Sang Wiku bagusipun, mimang manah pra widadari, tegese basa mimang, salang surupipun, widadari sakehira, dene ingkang binancana nora gingsir, tan keni dipun godha.
Balik ingkang ambencana sami, kagiwang mring warnane Sang Parta, nulya widadari age, linggar sing ngarsanipun, Sang Harjuna jumeneng sami, mring natar nggennya medal, ngadeg sarwi ngidung, mlimping abasa la-ela, mring Sang Parta nggenira kandhuh ing kingkin, tumanem poking driya.
Ya ta wau wonten widadari, pan angemban nak-anakan pudhak, marek sarwi age-age, mring ngarseng sang binagus, ngemban pudhak pinindha siwi, patutan lan Harjuna, marek makidhupuh, tan antara awacana, lah punika raden putra dika prapti, sanget denira nular.
Taken rama marmane anangis, mangke raden teka datan arsa, sinesepan sadangune, tansah denira muwun, raden putra andika niki, lah ndaweg sinambuta, sesepena gupuh, pamulare men kendela, tanpa segu Sang Parta : gaya muwus malih, wau sang waranggana.
Lah nakingsun mendela den aglis, aywa mular iya ramanira, jeng pangeran gung bendune, lah iya mring sireku, wruhanira putraku bayi, pan ora sinarweya, lah wis aywa muwun, samangkana malih ana, widadari nekakken tenaga sarwi, anambut astanira.
Sang Harjuna apan dipun kardi, meng-amengan ing wekasira, pak-epeking asta age, tinutupaken sampun, payudaranira kakalih, sru angres raseng driya, angklir wuluh tempuh, gathik sami wuluhira, angresing tyas malah lir kadi angiris, tan mosik Risang Parta.
Samangkana wau widadari, mesat medal medal maring jawi guwa, abibisik lan rowange, tan liyan kang cinatur, pratingkahe sang mangun teki, dene lir Hyang Asmara, tingkah solahipun, ana juga waranggana, wangsul marang ing sajroning guwa malih, marmane wangsul sira.
Antuk lingsem susupene kari, ing pangkone Risang Mintaraga, nging tan kantun sayektine, apan ta kantunipun, tinemaha karsa pribadi pribadi, kinarya lingsenira, nggennya kedah wangsul, saking sruning larasmara, marma sanget denirarsa mulat malih, bagus sang Harjuna.
Duk samana kawekan pra sami, widadari tambuh kang sinedya, nelas sagung panggodhane, mring Parta kang manekung, nulya mendra sang widadari, sing ngarseng Sang harjuna, ingkang nenem sampun, kang sawiji maksih sira, sru ameksa ngraketi Harjuna malih, sumaput ing asmara.
Tumanem neng jroning sanubari, widadari mring Sang Harjuna, gya lumungsur sisinjange, sru sanget asmara kung, katon medemira kaeksi, amencep lan ngujiwat, lir wong purik iku, tan sinapa dening priya, kapi temen manake sang widadari, anggodha mring Sang Parta.
Sajroning tyas risang widadari, apandene sajatining godha, manah ayun sayektine, dhumateng kang mulat kung, njaba-njeronira pan sami, kabyatan larasmara, ayunira tuhu, iya marang Sang Harjuna, sang Supraba wau ta langkung prihatin, jumeneng aneng natar.
Sanghyang Wulan ingkang den tingali, mring Supraba mangkana karsanya, saking ewuhana tyase, karsane minta tulung, sanghyang Wulan den awe yekti, Supraba denya ngatag, nenggih wuwusipun, heh Hyang Wulan rowangana, gyan sun godha marang Risang Mahayekti, sun nyilih rarasira.
Sun anggene dimen bisa dadi, pangrencana marang Sang harjuna, kengguh keni rencanane, mangkana wuwusipun, sang Supraba mring Sanghyang Sasi, Hyang Wulan sigra mawang, mring Sang Parta Wiku, pamawange Sanghyang Wulan sigra mawang, mring Sang Parta yogya bratane angenting, luput mring panca driya.
Panca driyanira sampun nisih, sang harjuna milane mangkana, satriya lwih waspadeng reh, wruh mula-mulanipun, kamulaning tingal udani, mulaning pamiyarsa, lawan kang pandulu, datan samar Sang Harjuna, ing idhepe dadine amati ragi, luput ing pangrenca.
Dadya tinggal panca driya sepi, awit muilih mring kamulanira, sowang-sowang wigenane, ananging tunggil iku, pinangkane lan jeneng sami, apan Sang Mintaraga, mangke telas sampun, paekane waranggana, denya nggodha ngrencara kasmaran sami, apan sang Mintaraga.
Puteking tyas para widadari, pipitu kang sami angrencana, mring sang Parta sadangune, denira nggodha sampun, tigang dina lan tigang ratri, tan pegat dalu siang, kathah solahipun, ana ngebrok nawung brangta, mring Harjuna tan ana kang antuk kardi, anulya mantuk samya.
Sakathahing para widadari, nedya matur mring Bathara Sakra, dene denya mantuk kabeh, kabyatan asmareng kung, waranggana sadaya iki, amesem jroning driya, tan lyan kang kadulu, mungwarnane Sang Harjuna, tan asuwe widadari sami prapti, ngarsane Sanghyang Endra.
Sru katongton sukanireng galih, mireng ture para waranggana, de Sang Parta puguh tyase, bakuh santosa kukuh, tanpa karya godheng apsari, mangkana pra Jawata, samya muji sukur, kadi byane Sang Sutapa, kadi-kadi Sang Harjuna lamun keni kinanthi pra Jawata.
PUPUH IV
KINANTHI
Marmanira mangke sampun, pethuk karseng Jawata di, tuwin karseng Sanghyang Endra, suka sami amiyarsi, Sang harjuna lupur godha, pangrencaneng widadari.
Dadya para Jawata gung, sanget dennya amumuji, aprasasat sampun tigas, janggane sang Niwataji, Ngimaima taka praja, pinusthi mring Dyan Pamadi.
Masa ndadak yen tumangguh, apan amung kari siji, sandeyaning tyas Hyang Endra, iya marang Dyan Pamadi, apa ingkang dadya karsa, gyannya mesu mati ragi.
Apa madhep muksa iku, yen mangkono nora keni, yen kinarya mungkasana, munah satru sura sekti, lamun ingkang dadya tapa, minta jaya-wijayanti.
Yekti mati iku besuk, Sang Niwatakawaca ji, dening Parta ing ngayuda, pangrantame ing panggalih, driya dahat kawigaran, sang Bathara Endra aji.
Dene uwus myarsa tutur, yen Sang Parta wus linuwih, putusing reh kasutapan, nging Hyang Endra mangke apti, anyatakken ngawasena, tapanira Sang Pamadi.
Apa kang den pinta iku, denira amati ragi, apa marang ing kemuksan, apa marang sura sekti, karuhane lamun kena, pininta mrih dadi kanthi.
Sawusira ngling jro kalbu, karsanira mangke nuli, nyatakaken ananira, Risang Parta dennya teki, duk samana Sanghyang Endra, warna kadi pandhita di.
Langkung wredha warnanipun, Risang Padya asisilih, sigra napak jumantara, anglayang lir kilat thathit, tan asuwe nuli prapta, Risang Padya wus dumugi.
Neng patapan sanga wiku, winuji mring jlada radi, winuni lan jaladara, kalih pisan den tegesi, awun-awun kemul ika, jawuh deres anglangkungi.
Sanalika atis ngruntuh, nalikane Padya resi, ngadeg sarwi teken jungkat, itunganing  widadari, tangan iku pan wicara, sidhekep Sang Padya resi.
Wusira denira rawuh, tan sinapa Padya resi, merang Risang Mintaraga, dene lagya asemedi, Risang Padya sru nyabawa, watu-watuk dhehem sarwi.
Emaring tyas Parta wiku, nulya mudhar asta kalih, bratanira Sang harjuna, katingalan Padya resi, marang sira Risang Parta, tan dhu angsung puja nuli.
Mumuji mring tamunipun, pamuwuse sang Parta ris, heh robaya ngong tatanya, pakenira saking pundi, ing pinangka pakenira, lah punapa kang kinapti.
Risang Padya gya sumaur, pali baya ingsun iki, kang pandhita tanpa sana, apan inggih awak mami, datan darbe paasraman, tanpa dunung ndon kang pasthi.
Lah ta inggih yektinipun, pali baya awak mami, ingkang mangka paasraman, nenggih sakehireng ardi, miwah sakehireng wana, ingkang yekti sun dunungi.
Apan wus gawening sun, mider-mider nglaya bumi, gunung-gunung lawan wana, ingkang pringga sun leboni, de araning tapaning wang, tirta gama den wastani.
Heh robaya milaning sun, kalingane sira iki ingkang darbe teja abra, pakenira ingkang kardi, angling malih Resi Padya, heh robaya sun tingali.
Yoga bratanira iku, kaya-kaya wis utami, pamawasku nora wang-wang, yoga bratanira ugi, sayektine tan babakal, nanging mengko ingsun iki.
Teka kandheg tingaling sun, denya kandheg awit saking, kaya maksih mora tingal, nanging yekti sira iki, heh robaya kawoworan, ing panggawe donya iki.
Masih ngrangkep sedyanipun, kang panggawe tata lahir, lire lamun pakenira, kawoworan barang lahir, panggawene wong walaka, pakenira dene maksih.
Gagaman prang sagungipun, maksih sira karsa sandhing, celak nora kena tebah, lah puniku sun tingali, enam temen pakenira, kawaca tan keni tebih.
Apa amekani ripu, pakartining satru sekti, yen mangkono tingkahira, heh robaya sira iki, tan putus mring kalepasan, tanpa gawe teki-teki.
Risang Padya malih wuwus, heh robaya pan sayekti, tingalira ing kamuksan, rahayuning tyas kalingling, lawan sarta inungkeban, nora kena dipun sambi.
Tanpa masa kala iku, kala-kala amarsudi, klawan kala amet swarga, sayektine boya keni, lamun lahir-batinira, nora trus mring sapta bumi.
Heh robaya lah puniku, panca driya ngrencanani, kalamun wus ngradon uga, rencanane saya dadi, ngradon ing ndon datan dadya, angel lamun den icali.
Lamun datan dipun sayut, panca driyanira sakin, weh wulangun yektinira, abibingung marang ati, yekti sirneng kawaspadan, ingkang marangyuning bumi.
Wit kalingan sagungipun, wisesaning raga jati, ngucap malih Risang Padya, heh robaya den udani, panggawening panca driya, kadyangganing wong non ringgit.
Ana ingkang nangis iku, ana ingkang sedhih kingkin, ana guyu-guyu suka, kawruhana den kaliling, yen wululang kang kinarya, rineka den karyeng janmi.
Pinolahken asor unggul, supradene keh ningali, iya iku pangrencana, panca driya ingkang kardi, iku awor mring siluman, ingkang nganggep marang ringgit.
Mangkana ta wuwusipun, Risang Padya mring Sang Resi, anauri Mintaraga, pukulun Sang Mahamuni, tulus arja kanang sabda, sayektine tuhu wangsit.
Ananging ta estunipun, mila awak amba iki, masih nyandhing ingkang raras, lawan sagung kawaca di, miwah ingkang hru pamungkas, sagung gagamaning jurit.
Apan iku yektinipun, mung tumrap wong dosa pasthi, yeku yekti sampun dadya, paraboting satriya di, olah raras mrih kawiryan, masa ndadak supe maring.
Kalepasing pandulu, pukulun Sang Mahayekti, mring wong pened tindakira, pasthi nora den awoni, menggah jatining agwsang, lah puniku kang kalingling.
Ing sawuwus ulun estu, lamun jatining ngaurip, boya lamun ndorakena, mring pratitis sireng pati, ananging ta maksih olah, mring kawiryan kangge mangkin.
Nenggih pangolahing kalbu, yekti amung angengeti, mring lepasing pati uga, kasukana wibawa di, lah puniku kang kinarya, kalangenan reh dumadi.
Mangkana ta wuwusipun, sang Parta mring Padya resi, ya ta aris, saurira, Sang Padya mring Mintaragi, heh robaya pakenira, kalingane kang kinapti.
Karsa pakenira iku, ewuha ya sun wastani, awon-awoning dumadi, yen wong nurut panca driya, tapanira tanpa dadi.
Rangu-rangu temahipun, eklasing tyas durung yekti, kang sinebut sang pandhita, apa durung tama yekti, mungsuhira pancadriya, teka sira parepeki.
Pakenira ndadak iku, panca den turuti, ametengi manahira, kasor dening donya iki, paran wosing karsanira, de sangsaya anemahi.
Mangkya malih denya muwus, Sang Padya mring Padya mring Parta resi, heh robaya wruhanira, yen kasengsem boga ugi, yekti awon temahira, satuhu lir sato urip.
Amung pangan kan den luru, upamane kaya ugi, uwong tuwa buru ika, datan wonten karyeng malih, amung amet buron wana, dadya sima lamun mati.
Dene karem neng wana gung, de wong tuwa rawa iki, datan ana karyeng liyan, mung ngupaya ulam warih, dalu siyang ngambil mina, iku benjang lamun mati.
Pasthi dadi buwaya gung, traping pati tan patitis, kelut marang panggaweyan, yekti awon kang pinanggih, lamun sira kasengsema, mring panggawe iku sirik.
Mangkana ta wuwusipun, Resi Padya dennya mangsit, Risang Parta duk miyarsa, sajroning tyas lir jinait, sru kakenan Mintaraga, mireng sabdeng Mahrsi.
Liring sabda Mahawiku, kasantikaning dumadi, kendel dereng mangsulana, wau kalane miyarsi, sajroning tyas ewuha ya, enget guru denya meling.
Dipayana mahawiku, wewekasnya duk ing uni, duk umangkat mara tapa, kaki Parta dipun eling, lamun sira mara tapa, nunuwana Jawata di.
Prayoga kang sira suwun, kadigdayan ing ajurit, ing tembene kaki Parta, ana wiku ingkang prapti, anuduhken kawruh brata, ing kamuksanira kaki.
Ya ta Parta gya sumaur, datan panjang amangsuli, cekak aos saurira, dhuh pukulun Mahamuni, lulus ingkang pangandika, ananging ta ulun mangkin.
Boten keni estunipun, mring kamuksan angondeli, marmanipun kula tapa, kabyataning tresna mami, dhuh robaya tresna kula, inggih dheteng ibu sori.
Lawan kadang-kadang ulun, Darmawangsa lan para ri, ingkang ulun tapakena, kadigdayan ing ajurit, digdayaa ing ayuda, ywa kasoran lamun jurit.
Dhuh robaya milanipun, tapa minta jayeng jurit, arsa males lara wirang, mring Korawa ingkang drengki, agung denya karya wirang, marang kadang warga wibi.
Risang Parta malih muwus, dhuh pukulun atur mami, marmanipun kula tapa, kang manira tedha ugi, inggih marang ing Bathara, kasantikan ing ajurit.
Lawan malih kula ayun, amamayu jagad nenggih, angreksa mring paraita, paraita den jarwani, angecani manahing lyan, wong sapraja arseng galih.
Lah puniku estunipun, ingkang ulun tedha ugi, mring Bathara kang inulya, sanget sedayaning ati, rinewangan mati raga, teki-teki wonten ngriki.
Lamun estu datan antuk, Hyang Bathara tan ngideni, sedyanipun kawlas arsa, datan mantuk awak mami, leheng pejah neng pratapan, Risang Padya trustheng galih.
Sakalangkung sukeng kalbu, Risang Padya denya myarsi, mring wuwuse Mintaraga, Risang Padya tandya nuli, ilang warneng Resi Padya, wangsul kadi wingi uni.
Pulih Sanghyang Endra wujud, wau ta duk wus udani, Risang Parta atur sembah, gya sinambut asta kalih, Sang Harjuna de Hyang Endra, sarwi ngling Hyang Endra aris.
Heh putrengsun sira kulup, kaki Parta ingsun iki, nulusaken bratanira, iya emeh prapta iki, Sanghyang Siwah nedhakana, yun nupiksa sira kaki.
Sanghyang Endra malih muwus, sung wawarah denira ngling, mring Harjuna pan mangkana, heh ta kaki Parta nguni, iya ingsun wus utusan, widadari prapteng ngriki.
Dene lakunira iku, sagung para widadari, ingsun utus angrencana, marang tapanira kaki, nanging sira kaki Parta, wus kawasa amateni.
Panca driyanira iku, tuhu luwih ing sasami, sasamaning pra pandhita, satuhu lamun ngluwihi, sami datan antuk karya, dutengsun pra widadari.
Nggonirarsa paksa ayun, angasorken sira kaki, heh putrengsun Mintaraga, saulihku saking ngriki, dipun tetep tapa brata, pesunen ing siyang ratri.
Mring Bathara kang linangkung, tulusena asemedi, iya ingkang sira tedha, mring Bathara aywa gingsir, parandene si meh teka, Sanghyang Rudra andhatengi.
Wis kariya putraningsun, kaki Parta ingsun mulih, iya marang ing Kayangan, tandya Risang Parta nuli, ngabekti mring Sanghyang Endra, wus kapungkur dennya meling.
PUPUH V
PANGKUR
Sanghyang Endra mesat sigra, ngawang-awang uwus datan keksi, edengane ingkang kundur, Hyang Endra mring Kayangan, kawarnaa Sang Harjuna ingkang kantun, saya sanget nggennya tapa, yoga brata asemedi.
Kadi guna yoganira, kang kariyin yogane mangkin, panganiya Sang Pandhusunu, pamrihing yoga brata, mrih turuning nenggih Hyang Bathara, semadine Sang Harjuna, langkung brata mati ragi.
Kadyangganing wong anguswan, ing tegese wong nguswan ngajar nenggih, dene ta wong ngagar iku, tan kemba pangagasnya, yekti norametu kukus geni iku, mangka cipteng Sang Harjuna, ingsun iki asemadi.
Lamun ingsun leledaa, masa ndadak katurunan Hyang Hening, lah iya ta semadeng sun, kayapa yen ta setya marmanipun sinanget semadinya sru, sigeg gantya kang winarna, ingkang muja mati ragi.
Kawangun amengsah ditya, sang Niwatakawaca sura sekti, Ngimaimataka kang yun, marang ing Suralaya saha, bala tuwin tatabuhan umung, nayaka lan mantri muka, jajahan den osak-asik.
Wawangkoning Suralaya, dening mengsah danawa ingkang prapti, dadya ewah ing tyasipun, wau Sang Batharendra, pan angangge upaya sandi puniku, upayane ngangge sira katrine wong Suranadi.
Amangangge busana bra, sinugeken mring yaksa narapati, de kang sinungaken wau, Pameret neku lawan, pathamuni iya widadari ayu, sapraptane aneng ngarsa, leges yaksa raja uning.
Pra danawa pan uninga, yen upayeng dewa prapta puniki, danawa lingireng kalbu, sembawa pra Jawata, tan prasaja iya kakarepanipun, upayaning Batharendra, samudananira mathis.
Enengena lampahira, Sang Niwata kandheg lampahira ris, wau gantya winuwus, nalika Sang Niwata, duk miyarsa wartane pra Jawata gung, katur mring sang prabu yaksa, ywen Sang Parta kang teteki.
Atapa Indrakila, tuk nugraha saking Sangghyang Pramesthi, mangke pinet sraya iku, dening Sang Batharendra, nulya wau Sang Niwata dhawuh gupuh, ngawasna lan mejahana, Sang Harjuna kang teteki.
Sigra pangkat kang ingagnya, punggawa wil Momongmurka wawangi, lampahe datan winuwus, praptane ing Drakila, Momongmurka mider-mider aneng gunung, praptane Sang Harjuna, ingupaya tan kapanggih.
Kaweken tyas Momongmurka, ngosak-asik meksa datan kapanggih, pratapaning Mahawiku, tyasira sang raksasa, apa arsa angrubuhaken kang gunung, Ngendrakila paasraman, Momongmurka sira nuli.
Temah warna kang sukara, lir prabata ageng kagiri-giri, kat gadeng tyas sedyanipun, pan arsa ndhungkir arga, yen raksasa ingkang birawa puniku, tan lyan mung Sang Kumbakarna, yen sukara geng Kagiri.
Pan amung sang Momongmurka, tan pra beda lan Kumbakarna warni, beda dene mbrangkang iku, lan ngadeg yen raksasa, Kumbakarna ngadeg langkung agung luhur, momongmurka pan rumangkang kadi arsa ndhungkar wukir.
Horeng gunung Endrakila, asru gograk guntur anggran ing wukir, geger sakehing wong gunung, sedaya bilulungan, panyiptane kadi gunung arsa rubuh, lindhu horeg lir prakempa, guwa rengat ingkang kori.
Yata wau katingalan, ing jro guwa dening Sang Mintaragi, sukara geng langkung luhur, dutane Sang Niwata, ingkang prapta risang tapa gupuh-gupuh, mijil sarwi ngiwa raras, sarotama kang cinangking.
Risang Parta wus uninga, sasolahe kang paksa salah kardi, ye kang warna sukara gung, kang paksa weh ruhara, kadhetengan drubiksa patapanipun, nulya sira aprayitna Sang Bagawan Mintaragi.
Gya menedi kang kawaca, lawan rukuh makutha datan kari, menget lamun wraha iku, kadadyan saking ditya, dutanira Sang Niwata maka prabu, tan antara sigra prapta, bayu braja anelahi.
Lir pinusus ingkang wreksa, kathah ambruk tanpasesa lir besmi, apan iku prabawa gung, Bathara Nilakantha, praptanira saking kahyanganipun, mangkana duk tindakira, sing kayangira aglis.
Sanghyang Siwah duk samana, lampahira ingiring Jawata di, watak sanga ndherek sagung, saking ing Klesapurwa, marma mendra saking ing kayanganipun, Sang Bathara Nilakantha arsa miyat Sang Pamadi.
Nggennya mesu puja brata, alalayu denira mati ragi, yen Sang Parta bratanipun, sinekti luwih tama, mangkana ta Hyang Siwah ing praptanipun, anyarengi praptanira, ditya ingkang salah warni.
Ditya kang warneng sukara, Sanghyang Siwah lingsen ratu cangkrami, lire ratu ambuburu, mbuburu buron wana, kang sarwi nyangking raras adi.
Lampahe kang lingsen raja, pan ingiring lawan pra dewa resi, Sanghyang Siwah lampahipun, mimba nata mbebedag, graitane Sang Parta sangsaya wuwuh, wigenane manahira, tan dya mangsah anglekasi.
Nglepasaken risaksana, sanjatane Sang Harjuna ngenani, sukarane wus kacundhuk, pareng lan panahira, Sang Bathara Mertyujiwa gya tumurun, kang sukara kapisanan, dadya sareng angeneni.
Sawusira sru lumepas, jomparinge Sang Parta angeneni, lan Bathara Siwahipun, jemparing ugi kena, kang waraha keni pyuh anunggal tatu, dadya kalih panah dibya, pan anunggil dadi siji.
Samana den sidhikara, kang warastra dening Sanghyang Pramesthi, wus awujud siji kang hru, Sang Parta arsa mecat, sanjatane saking kanin wraha iku, nulya Sanghyang Siwah mojar, heh Ki Ajar aywa gipih.
Apan iku sanjateng wang, lah pa gene iku yun sira ambil datan yogya tingkah iku, sayekti wasa-wasa, kang sira mek yektine sanjata ingsun, lah Ki Ajar apa ilang, gennya brata teki-teki.
Dene kathah tapanira, iya aneng gunung Drakila iki, teka tana utamamu, lir ambek wong walaka, tur durjana pandhita lakunira dur, endi nggone wiku tama, marma lekas sira iki.
Kaya dudu wiku arga, lan maninge sastra apa raneki, ora aneng sariramu, satemah hir kewala, iya saking lekas sirakang tan ayu, heh Ki Ajar kaya apa, lah wong apa den guroni.
Ngucap malih Sanghyang Siwah, heh Ki Ajar iya wruhanireki, iya gurunira iku, kalebeng wong cintraka, saking sira kang aweh cintraka iku, marang guru kang utama, tur ta gurunira yekti.
Masa sung awarah ala, marang sira iya guru sejati, mengko sira nuta patut, warahing gurunira, pasthi sira tan ngalangi buroning sun, datan anut mring guru di.
Nganggo ambek murang tata, kang mangkono ajarmu marang ngendi, wau ta duk myarsa wuwus, sabdane Sanghyang Siwah, Sang Harjuna sek peng karna tegesipun, sek peng kuping karna, kebek karneng Sang Pemadi.
Jumeneng ing krodhanira, Sang Harjuna dadya muwus tan aris, heh iki wong tambung laku, aywa kadlurung sira, sawijine wuwusira nora urus, ingsun sira sidhep apa, mung anggere gelem muni.
Mijilaken kang wacana, tanpa taha apangucapira iki, manawa ta sira tan wruh, Kiratarupa sira, iya ingsun satriya Dananjaya nung, lah iya den yitna sira, mungsuh lawan jeneng mami.
Apa sira nyana ingwang, kaya ambek wong walaka wak mami, wong wiruda wedya iku, dening sun maksih sara, iya lawan sanjata marmane ingsun, sikep laras lan sanjata, yekti lamun wiku luwih.
Kang sun karya sudarsana, pan bagawan Rama Parasu nguni, kang sun telad marmanipun, pandhita sikep langkap, kang supata bener laku patiningsun, krana maksih sikep panah, wruha undurira yekti
PUPUH VI
D U R M A
Malih nabda Parta mriang Kiratarupa, Kiratarupa yekti, luwih ucapira, kaya ta wong oreyan, apa dudu nata yekti, ngucap sawiyah, sedhenge sira mangkin.
Ngadu yasa pantes lamun amungsuha, atandhing tosing kulit, kaya paran sira, mungsuh alawan ingwang, apa sira ayun mati, apa yun wirang, lan endi sira pilih.
Ana dene Kirtarupa yen sira, iya yen ajrih mati, nembaha maring wang, lah payo dipun enggal, bektenana suku mami, iku manawa, sira tan sun pateni.
Lamun nora mangkono sayektinira, iya wus katon iki, nenggih patinira, tan ndadak mindho karya, pasthi mati dening mami, wau emenga, umbake Mintaragi.
Dahat krodhanira sang Kiratarupa, dyan samya tandang jurit, sira Sang Arjuna, lawan Risang Kirata, samya campuh ing ajurit, sireng Harjuna, siniwo ing ajurit.
Pan kinepung Sang Parta mring pra Jawata, kalawan sanjata di samya ana rajang, saweneh ana nyakra, datan kewran Parta jurit, nyopteng sanjata, sing angganira mijil.
Gya tumempuh nenggih ingkang bayu bajra, sing angga wedal neki, genging bayu bajra, kalamun sinamekna, satus lumbung geng kagiri, kang bayu bajra, kang bayu bajra, gumrubug nggegeteri.
Wus anempuh wau ingkang bayu bajra, maring pra Dewa Resi, asru katyup bajra, muluk mring antariksa, kang kabuncang dening angin, amung Hyang Siwah, kang datan katyup angin.
Mung Bathara Siwah ingkang awentala, katiyup bajra pati, sira Hyang Sangkara, apan ta nir wikara, dadya ingkang yuda kalih, risang Kirata, atandhing dyan Pamadi.
Langkung rame prangira sami sajuga, sira ta Hyang Pramesthi, mengsah lan Sang Parta, ngepasken kang sanjata, Sang Kiratarupa dhingin, ingkang sanjata, Harda Candreku nami.
Nedheng nglayang ingkang Harda Candra, Sang Parta yitneng westhi, sigra denya mapag, ya ta kang Harda Candra, punggel margeng awiyati, nora tumama, Hyang Siwah duk ningali.
Asru krodha nanging maksih ambek marta, dene ta mung kinardi, denya arsa nggodha, mring sira Sang Harjuna, sigra manahaken aglis, selardi ika, pan watu gunung iki.
Gunung watu linepasaken saksana, Sang Parta yitneng galih, sigra wau denya, angusap-usap lemah, sarwi nengeng awiyati, lawan nenedha, pitulung Dewata Lurih.
Kang tinedha pamapagireng sanjata, Hyang Siwah watu wukir, sigra pinaringan, sanjata kang pamapag, Sang Parta wus anampeni, ayah prabata, tegese ayah wesi.
Gunung wesi ayah prabata punika, pan sewu malah luwih, panah ayah arga, apan ta sareng mesat, nulya wantah sira aglis, wantah jinarwan, ametu pagut sami.
Gunung wesi tumempuh lan gunung sela, saksana guntur nuli, ingkang gunung sela, neng tengahing payudan, gunturira kang selardi, melek lebunya, andhedhet madyeng jurit.
Apan kagyat wau ta Bathara Siwah, ilange kang sela ardi, nulya nambut sigra, sanjata agni rupa, muntap saking ngarsa sami, Bathara Siwah, duk nguni sanjatagni.
Asring ngleburaken ingkang Suralaya, Sang Parta yitneng westhi, sigra miyat mega, madyaning ronanggana, ingkang mega ngemu warsi, dadya den panah, satemah dadya warsi.
Dahat adres muni gelap saha kilat, gumuruh nggigirisi, mbrastha agni rupa, dening warsa dres ika, sirna ingkang sanjatagni, sanget krodhanya, Bathara Siwah andik.
Krodhanira tinemenan Sanghyang Siwah, dening hru tanpa dadi, tan na kang tumama, iyeku mring Sang Parta, nulya ngasta sira aglis, kanang sanjata, aran Ayah Sangkali.
Tegesipun rante wesi kang sanjata, asirah naga warni, sungsun panahira, sanjata Sanghyang Rudra, sungsunira kang neng wuri, ran Kadhangastra, sinareng lepas neki.
Duk lumepas sanjatanira Hyang Siwah, Sang Parta yitneng westhi, menthang langkapira, ngegem hru Garudastra, wus lumepas kang jemparing, tempuh warastra, guluning naga palih.
Gya tumempuh ingkang hru Kaladhangastra, sanjata pan meh prapti, arsa tinulaka, kasompok marma mendhak, kawat gadeng Sang Pamadi, punggel kang laras, rukune ingkang keni.
Remek rukuh retnaning rukuh sumirat, krodha Sang Parta nuli, nambut risaksana, putunganing kang langkap, pan kinarya gada mangkin, kala Sang Parta, duk maksih laras apti.
Witing tinggal laras Sang Bathara Rudra, umangsah ngruket aglis, lawan Risang Parta, prasamnya pareng mangsah, asuwe denira jurit, banda-binanda, karone silih ungkih.
Sang Harjuna wus karenggut gelungira, sigra denira ngungkih, males Sang harjuna, anambut sukunira, kakalih Hyang Rudra aglis, tandya Harjuna, sawuse denya musthi.
Sukunira kakalih Bathara Rudra, Harjuna arsa mbanting, mring Hyang Nilakantha, ing watu kumalasa, duk jinunjung wus tininggil, mring Sang Harjuna, Bathara Rudra nuli.
Ilang saking tanganira Sang Harjuna, tan tara sigra nuli, kumyus ingkang  jawah, kum-kuma sing awiyat, wor ukara mantra puji, Resi Jawata, sing bomantara nenggih.
Muwah teja jumeneng madyaning wiyat, tetela kang kaeksi, ingkang tejangkara, satuhu Sanghyang Rudra, kang tumurun anedhaki, dennya alenggah, neng padma sana manik.
Ri sampuning lenggah wau sanghyang Siwah, neng padma sana rukmi, sighra Sang Harjuna, ngabekti ngestu pada, nulya sembah kaping kalih, mring pra Jawata, kawratan pangabekti.
Sasampuning sembahira Sang harjuna, ing Dewa tan na cicir, weruh cipteng puja, wau ta Sang Harjuna, nulya sira mangastuti, mring Sanghyang Siwah, angraosaken manis.
PUPUH VII
DHANDHANGGULA
Mangkana Sang Parta matur aris, dhuh pukulun sembah ingkang manungsa, mring Bathara satuhune, katur njeng Sang Sinuhun, apan reke pukulun ugi, ing sembahipun Parta, manggen dunungipun, pan ing mangke tembenira, sembahi pun Parta tan alyan ugi, sagunging sembah-sembah.
Apan sembahing manungsa ugi, lir angganing kadi tahen ika, kang umijil, sing agninira, upami tahenipun, ingkang mpada Bathara nenggih, kang mangkana agninira, amnungsa pukulun, apan datan kwasa nembah, mung amuji nenggih kawula puniki, kalamun datan ana.
Sihing pada Bathara sayekti, sajatine manungsa punika, kadi menyak upamine, pan menyakira iku, mijil saking wong muter nenggih, denen ta kang minangka, janma muter iku, sayektitine Hyang Bathara, kang minangka menyakipun datan kalih, manungsa madyapada.
Sang Harjuna angastuti malih, byapi-byapa ika tegesira, byapi iku wisesane, byapane tegesipun, kang misesa puniku nenggih, nggih pada Sang Bathara, matmanipun iku, dening pada Binathara, sagung sari ing cipta misesa yekti, nggih pada Sang Bathara.
Datan agal lamun dipun pinrih, padeng Sanghyang datan mprmpring agal, miwah ala lan ayune, neng ngriku dunungipun, dening pada Bathara ugi, alanggeng dunungira, jagdira iku, nenggih pati-uripira, lan langgenge orane manungsa iki, mapan neng karsanira.
Karseng pada Batrara anenggih, sagung janma tinitah neng donya, sangkanira lan ulihe, ing mangke tembenipun, saking pada Bathara ugi, pinangka lan duknara, manungsa puniku, nembah malih Risang Parta, dhuh pukulun upami manungsa iki, yen arsa ngawasena.
Maring pada Bathara sayekti, upamine anggane kang wulan, nimba madyeng aiyate, wonten ta gatha telu, wadhah tiga puniku ugi, satunggal isi toya, wening ingkang ranu, wawadhah kang kadwinira, isi toya langkung letuh ingkang isi, wadhah kang kaping tiga.
Tanpa isi toya kang satunggil, sami katon marang ingkang wulan, wawayangane wulane, sayekti katon iku, mring wawadhah ingkang aisi, her wening manggenira, katon yen dinulu, cetha rupanireng wulan, kang tumiba ing wawadhah ingkang isi, toyane letuh ika.
Wayanganing wulan iya keksi, kang tumiba mangke aneng wadhah, kang aletuh toya reke, pan sami katinipun, wawayangan wulan puniki, nging datan katon cetha, sabab toya letuh, wonten dene kang tumiba, ing wawadhah ingkang tanpa isi warih, tan wonten katingalan.
Awit wadhah nora isi warih, wayanganing wulan datan ana, jer si wadhah suwung bae, sayektine yen suwung, yeka tandha sagung dumadi, minangka kanyalaan nyataning Suksma gung, kang tumiba wadhah toya, ingkang bening tegese iku sujanmi, rahayu manahira.
Kang netepi puji lawan bekti, ing Bathara dene kang tumiba, wadhah letuh ing toyane, manungsa kang kadyeku, ingkang rago manahe ugi, kang ayun ora-ora, marang penedipun, ewadene kang tumiba, mring wawadhah ingkang nora isi warih, manungsa kang mangkana.
Ingkang mungkur mring Bathara iki, kang ngayunaken amaregi pangan, lawan karem turu bae, tan towang sahwatipun, nyandhang ngangge ywa kurang malih, mangkono lamun janma, sami sato tuhu, sato mani namanira, liring sato mani lamun den werdeni, sato wenang pinangan.
Kamulane manungsa puniki, nora kadi sami angolaha, marang yoga brata mangke, mangkana wuwusipun, Sang Harjuna malih ngastuti, pun Parta dhateng pada, nenggih Bathara gung, katemune lan manungsa, lamun padha Bathara nemokken inggih, sangkaning pangawikan.
Dereng dugi denya angastuti, Risang Parta marang Sanghyang Siwah, sigra wau andikane, anenggih Sanghyang Guru, heh ki Parta putrengsun kaki, lah uwis tutug sira, pujinira iku, muga sira linuwiha, saking para satriya kang luwih-luwih, lah iki kaki ana.
Nugrahengsun marang sira kaki, candu sakti saking Wimbasara, candu sakti ing tegese, iyeku klalaringsun, Wimbasara tegese iki, kalalar ingsun uga, kang we sanjata nung, de arane kang sanjata, kang ingaran sanjatengsun Pasopato, sun paringaken sira.
Tan anatara ana agni nujil, sing astane Hyang Bathara Siwah, de kang agni suwarnane, arupa danawa gung, ngindhit panah Sang Pasopati, mara mring Sang Harjuna, duk praptanipun, ngarsanira Risang Parta, agni ilang sampun sumarira maring, sarirane Sang Parta.
Wus tinampen ingkang Pasopati, sarta sampun antuk kanugrahan, awawarah Bathara ge, Bathara Siwah wau, ingkang angsung nugraha yekti, dhumateng Sang Harjuna, nulya duk ing wau, sawuse nampeni raras, lan makutha Sang Harjuna anampeni, piwulang sarehira.
Ingkang aji jaya-wijayanti, danurdara sing sanjata dibya, luwih-luwih sadayane, pan sinungaken sampun, mring Sang Parta sampun tinampi, telasing kanugrahan, Sanghyang Siwah wau, sung nugraha mring Sang Parta, nulya kundur ingiring Jawata luwih, Sang Parta wus tinilar.
Sapungkure Sanghyang Siwah nuli, tumalawung manahe Harjuna, kaluwihan kang den angge, saking Hyang Rudra iku, kang mangkana pan nora dadi, bingahing nalanira, malah sangsaya sru, wewah-wewah prihatin tyas, Sang Harjuna marang Bathara linuwih, prayoga iku uga.
Tinelada lalabetan becik, ingkang sami teki-teki ngarga, kang winarna reh gatine, saweneh sagung manus, datan nganggo apotang teki, dhumateng ing Jawata, teka ngenthu-enthu, denya minta mring kawiryan, kasigihan lan minta kasekten luwih, marang ing Dewanira.
Yekti lamun tan tinaken sami, awit saking datan mati raga, dene minta Batharane, pan ora ana iku, potangira mring Jawata di, abrata yoga ora, nyegah pangan turu, datan ayun kirang pangan, sumbalinga yen tinekanan dening, marang Hyang Siwahbuja.
Malah saya kabalebet ugi, iya marang rajah lawan tamah, wong mangkono panganggepe, dene wong olah kayu, yekti ayu ingkang pinanggih, miwah wong olah tapa, awon kang tinemu, sapa ingkang mati raga, kabecikan tiruwa tapane ugi, Harjuna tinulada.
Samangkana henengira malih, Sang Harjuna aneng ing patapan, kangen marang ibune, kang kantun neng praja gung, kangen kadang-kadang sami, ing ngriku Sang harjuna, nedya arsa mantuk, panggih marang ibunira, lawan kadang-kadangira kabeh iki, mangkana Sang Harjuna.
Anglinging tyas yen mantuka mami, sing asrama iki lamun teka, wus ana panusule, iya mring awakingsun, andikane ibu ing benjing, myang kadang-kadanging wang, lamun arsa nusul, iya marang raganing wang, sru sumaput kangene Risang Pamadi, marang ing ibu kadang.
Risedhenge Parta arsa mulih, nulya wonten widadari prapta, mung kakalih siki kehe, saking ing Surenglayu, punika ta duteng Dewadi, nenggih Hyang Batharendra, dene praptanipun, kinen panggih Risang Parta, tinimbalan minggah maring Suranadi, namane waranggana.
Risang Harjuna nami, ngampil gitanira Sanghyang Endra, sinung marang Harjunane, kalawan malihipun, babektane pra widadari, ambekta kang rasukan, Antakusuma nung, lawan caping Basunanda, lan tarumpah pada Kacrema anami, sinungken mring Sang Parta.
Pan mangkana layange tinampi, mring Sang Parta layang Batharendra, gya winaca age-age, sinukma raosipun, pan mangkana ungeling tulis, heh kaki Parta iya, iki layangingsun, dhumawuha marang sira, kaki Parta marma mengko sun timbali, praptaa Suralaya.
Nuli sira mangkata tumuli, dipun kerit marang dutaning wang, aywa tanggung sih ta angger, dhuh kaki marang ingsun, marmanira sun undang kaki, dene sun kadhatengan, mungsuh reksasa gung, sang Niwata Maharaja, iku sira dadiya tangguleng westhi, pejahe yaksa raja.
Sang Niwatakawaca den mati, lamun pejah iku sang Niwata, saking sira jalarane, kalangkung sukaning sun, de sanjata ingkang mejahi, kang aran Pasopatya, yeku pringipun, Hyang Siwah kang marang sira, sampun tamat denira amaos tulis, wau ta sang harjuna.
Ri sampune denya maos tulis, Sang Harjuna karaos, tyasira, rehning kinen minggah mangke, dhumateng Surenglaya, asumengtyas sakala iki, tegese basa suma, susah ing tyasipun, ingkang dadya susahing tyas, Sang Harjuna karaos welasnya maring, dhumateng ibunira.
Miwah sagung kadang-kadang sami, ing pangangen-angene sang Parta, saking sanget sru kangene, kang lunga lan kang kantun, kumembenging waspa duk mijil, tas kraos teles waspa, adres wijilipun, mangkana Sang Herawana,lan Sang Braja wruh lamun Parta prihatin, kangen mring kadang garwa.
Nulya matur Sang Herawana aglis, lang Sang Bajra dhateng Sang Harjuna, raden kula sayektine, anedha sang binagus, ywa sanedya tyasira mangkin, samenggah sih andika, dhateng Jawata gung, romanta Sang Batharendra, wonten dene menggah kangen tuwan maring, mring wong sakadang warga.
Den sumene sayektine keni, boten wande mantuk jeng andika, lah puniku sayektine, apan ing Surenglayu, risakipun pan boten Keni, kalamun sinemayan, age dika tulung, mupung mangke dipun enggal, lamun boten tinandangana tumuli, risaking Suralaya.
Inggih raden atur kula malih, mring paduka kalingane mangkya, kadilamun dika mangke, pan arsa boten gupuh, tindak marang ing Suranadi, kalamun mangke dika, boten atutulung, dhateng rama jengandika, sayektine sakit punapa pinanggih, kang boten dipun sandhang.
Dhateng janma Suralaya mangkin, dene raden amung jengandika, kabeh kang den andelake, tulung mring kawlasayun, mung kasekten andika ugi, kinarya andeling tyas, marang sagungipun, titiyang ing Suralaya, datan wonten malih kang den anti-anti, inggih mung Risang Parta.
Pan mangkana duta matur titi, Risang Parta kakenan tyasira, temah trenyuh jroning tyase, ndhatengken welasipun, mring Bathara Endra tumuli, gya adan arsa pangkat, nulya denya ngrasuk, paparingane Sanghyang Endra, klambi caping Basunanda lawan malih, tarumpahing Jawata.
Kasektene Antakusuma di, bisa ngambah aneng dirgantara, widadari paparinge, kakalih siki wau, sarwi mbekta raras respati, saksana Sang Harjuna, sigra denya mudhun, amit Hyang-hyanging pratapan, angabekti Sang Parta mring Hyang wukir, arga ing Rndrakila.
Tanpa yoga semadine mangkin, Sang Harjuna mila tan ayoga, asemedi sing gepahe, tampine ingkang dhawuh, minggah dhateng Suralaya di, wau ta Sang Harjuna, nulya pangkat sampun, saking nggene tapanira, Sang Harjuna kamitolehen ing galih, anilar mring pratapan.
Prapteng lambunging acala nenggih, sinembah mring taruning cemara, munggeng gigir jurang nggene, cemara wreksa agung, lawan peksi merak manyajrit, aneng tirahing jurang, nenggih esthanipun, panjriting merak punika, panangising alas puniku upami, Harjuna kesahira.
Wus kalingan mega neng wiyati, sampun lepas lampahe Sang Parta, ngetan wau ing puruge, den iring lampahipun, dening widadari kakalih, kathah kang kaungkulan, desa-desa agung, lamat-lamat katingalan, sing awiyat lampahira sigra prapti, praptaning Suralaya.
Sang Harjuna duk lumakyeng margi, Suralaya sagung kalangenan, ing swarga lir mbagekake, marang kang nembe rawuh, lawan wonten kadhaton keksi, madyaning ngawang-awang, wisma geng amunggul, kadhaton sri rinarengga, luwih saking warnaning kadhaton sami, wastane kang kadhatyan.
Tinjomaya limrah den wastani, nanging dereng wonten ingkang gadah, kadhaton di sayektine, dene ta estunipun, kadhaton di punika benjing, pan ingkang ginagadhang, lamun wonten besuk, pra satriya sureng brata, kang ndarbeni nila taksih suwung mangkin, puniku kang cinadhang.
Samangkana Sang Parta tanya ris, maring Bajra lawan Herawana, heh Sang bajra Herawana, pan ingsun tanya tuhu, marang sira kayapa ugi, isine kang bawana, tihanira iku, lintang wulan lan raditya, kayapa ran unggyane sawiji-wiji, apa ta tatunggil gyanya.
Matur Braja Herawana sami, beda-beda punika nggenira, tuwin tebih-tebih lete, tan sami angengipun, katigane punika singgih, enggene luhur pisan, dene wastanipun, ingkang lintang winastanan, baranggana : mila aran lintang inggih, sayekti mung kabekta.
Saking luhur enggene nglangkungi, soring lintang sayekti enggen wulan, soring wulan nggen srengenge, srengenge ngisoripun, ingkang mega ngisore malih, puniku madyapada nenggih tegesipun, dene madyapada ika, inggih bumi : mangkane ature sami, Sang Bajra Herawana.
Kula raden umatur sayekti, mring paduka kang lintang kalawan, nenggih wulan lang srengenge, ing tumpa-tumpanipun, antarane pan tabih-tabih, kang lintang dhateng wulan, wulan amandhuwur, kongsi prapteng nggening lintang, lan mangandhap wulan mring srengenge nenggih, pan sami tebihira.
Tangeh lamun winarneng kakawin, sakathahe lalangening swarga, kalangkungan ing lampahe, Sang Parta duk ing dangu,kadi tingkahireng cangkrami, lampahe Sang harjuna, ataken tanpa wus, mring Braja lan Herawana, pangidhepe Sang Parta lir niningali, langening jro supenan.
Lepas lampahira Parta nuli, katingalan wau kang kayangan, Sanghyang Endra sadangune, kalangkung ngayun-ayun, aneng prabayasane nenggih, amurub marakata, wetan ing Semeru, unggyanira kang kayangan, majeng ngetan ajenging kitha tulya sri, kayangyan Malyatara.
Warnanira kang kari sademi, manik toya sakehing kang lawang, nenggih nyatur deksinane, dene ta warnanipun, kang kayangan surem kenyaring, Hyang Surya lawan wulan, kasor kenyosipun, ginapura saya tabra, wonten dene warnane kayangan nenggih, tan ana tumandhinga.
Rengganing kang kayangan linuwih, gebyar-gebyar sumunu kumenyar, rina wengi sami bae, padhang ing rinten dalu, awit gebyar kang sarwa rukmi, myang retna lan sosotya, ngilangaken dalu, dene wau kang minangka, tengerane raina kalawan wengi, sagunging pra Jawata.
Sekar tanjung kalawan kang peksi, cakrawala dene tunjungira, lamun mekar rina lire, kalamun sami kuncup, sekar tunjung sayekti wengi, dene kang cakrawala, lamun iku nuju, pepisahan lan rabinya, rainane : yen aruntung-runtung sami, rentengen wenginira.
Apan kathah langening panggalih, Sang Harjuna sapaningalira, kang lalangen keh warnane, atangeh yen cinatur, lalangening Suralaya di, wau kang katingal: lan Risang Pandhusunu, denya prapteng Suralaya, Sang Harjuna kinira-kira ing ati, sembahe mring Jawata.
Mring Bathara Endra denya bekti, Risang Parta samana pinapag, widadari pamapage, wus panggih ngarsanipun, kinen laju manjing tumuli, praptane sang Harjana, sigra denya gupuh, malebete mring kayangan, Batharendra : Sang Parta wau duk prapti, mijilkel karsanira.
PUPUH VIII
M I J I L
Praptanira Risang Parta mangkin, ing kayangan katong, saking madyapada sadhatenge, weh enggaring para Jawata di, manahira kadi, sami sagunung kut.
Kadyangganing ingkang trena-treni, tarulata alom, duk katiga pan katunan ing we, asatata ngayam-ayam sami, minta reh turuning, warsa kapat labuh.
Dupi samya amiyarsa warti, yen Sang Parta rawoh, suka ing tyas wong Suralayane, kang minangka ingkang trena-treni, sagung Jawata di, myang lan taru-taru.
Kang minangka labuh kapat nenggih, risang prawira nom, Sang Harjuna nalika rawuhe, sagung ingkang para widadari, mangun sru wiyadi, manahira linglung.
Dadya mangke para widadari, sami ngatos-atos, angrarangu Harjuna praptane, sami ngadhang para widadari, pangungangan adi, bale adi luhung.
Kang minangka sasegahe sami, widadari saos, maring wau Sang Parta praptane, mung manising tingal lindri-lindri, marma dipun kardi, segah sang binagus.
Dene uwis siyaga ing batin, nggennya sami ngilo, jroning carmin anata paese, rebut unggul para widadari, sami anjenenging, mara marek gupuh.
Dhateng bale pangungangan sami, ngadhang mring kang rawoh, Risang Parta, ingadhang praptane, wonten widadari kenya siji, ika tan umiring, ngadhang mring kang rawuh.
Dene kenya sarinira maksih, karsane ywa katon, mring wong priya priyana liyane, pan mangkana karsane kenya di, paes nora apti, surenda tan ayun.
Nging jroning tyas tansah widhag-widhig, waranggana anom, dene ana parane atine, balik lamun tinakken krami, mring sang wau pranti, suka manahipun.
Demeh lukar sinjange kawingkis, teka tan winahon, pan meh kengis ika mamanise, samberilen ginubah rinujit, denya nggubah nunggih, linandhasan kuku.
Mila sasar denira angrujit, mangkya dadya nglojok, awit ana parane atine, panggubahe temah nora dadi, ana wadon malih, waranggana ing kung.
Widadari pipitu ing nguni, sami sru wirangrong, menget marang solah panggodhane, ana ingkang sami jawil-jawil, ana ingkang rakit, sarwi amatut.
Ana ingkang anggubah sari, nanging datan dados, panggubahe tan ana dadine, denya nggubah ingkang widadari, dene tyase sami, kathah purugipun.
Ya ta ana widadari mulih, ndingkik-ndingkik mbolos, nyolong tingal wau tu ulihe, api-api sakite nemeni, mulih apipilis, nanging pinapatut.
Apan wulan tumanggal kang pilis, mulih sru kaleson, laju niba aneng pasuptane, sarwi rengeng-rengeng angrerepi, repen mimiringi, temah les aturu.
Denya sare sarwi ngimpi-ngimpi, mring sang nembe rawoh, kapanggiha sajroning panginpen, ana widadari bisik-bisik, sami rowang neki, sarwi ting keranthuk.
Kadi juti denira bibisik, denya amiraos, aling-aling nenggih papaese, pareng medal sawiji anjerit, siji ngujiwati, lir dyah lawan kakung.
Kathah lamun rinengga ing tulis, solahing pra sinom, widadari leng-leng mring Pamde, wus anjujug Pamade tumuli, marek maring ngarsi, nira Hyang Endra wus.
Mara marek sarwi mangenjali, pada sang kinaot, pan mangrepa, ature bektine, Sanghyang Endra angandika aris, bagya sira prapti, aneng ngarsaningsun.
Lah linggiha kaki Parta ngriki, patarana kaot, den sakeca linggihira raden, marma sira sun undang mariki, ingsun nungsung nempil, marang kasektenmu.
Luberena marang Jawata di, iya karsaning ngong, lawan  ingkang pra Jawata kabeh, nora liya kang sun gunem kawis, ana ditya sakti, madeg ratu agung.
Arsa ngalahaken iku kaki, Suralaya mengko, sang Niwatakawaca arane, kasub ing rat guna sura sekti, marma sira kaki, sun met pakaryamu.
Iya olihira iku kaki, denya wus kinaot, ingkang saking Bathara Siwahe, de Niwatakawaca sang aji, datan pejah dening , Resi Dewa iku.
Miwah yaksa tan bisa mateni, ujaring wiraos, iku ana kang mejahi tembe, lamun ana manungsa teteki, iku kang mateni, linge Hyang Swara gung.
Lan maninge kaki Parta nguni, duk ingsun akongkon, ayun ngambil sraya sira raden, wus kawarta marang yaksa aji, risang Niwata ji, Ngimataka iku.
Dadya sarengi Hyang Siwah duk prapti, mindha lir wong kaot, lingsem ratu mbuburu praptane, iku mula Hyang Siwah nedhaki, angsung nugraha glis, iya mring nakingsun.
Marga iku sira uwis olih, luwih sagunging wong, marma mengko sira kaki age, ingsun ambil sraya ing ajurit, risang ditya aji, mapak bala agung.
Wus cumawis gagamaning jurit, arsa pangkat gupoh, denyarsa mring Suralaya kene, pan wus lawas ngayam-ayam apti, karsa anglurugi, Suralaya kulup.
Iku mangke karsaningsun kaki, sira kang katempoh, sun pasrahi nyangga bot repote, rumeksa wong Suralaya iki, nora ana malih, yogya kang tutulung.
Batharendra mangkana dengya ngling, denya amrih tanggon, Sang Harjuna tur bekti ature, dhuh ature, dhuh pukulun dasih ta pun patik, ulun reh tinuding, magut ing prang pupuh.
Amapag prang kasekten ditya ji, risang yaksa katong, pun Harjuna tan lenggana ing reh, mung sumangga karsa sang Dewaji, nadyan prapteng pati, temah remak rempu.
Sayektine sarema tan gingsir, sareh mung sumaos, ing Bathara nenggih andikane, ning pun Parta punika asepi, guna sura sekti, hina karya tuhu.
Upamine pun Parta puniki, mengsah yaksa katong, sang Niwatakawaca yektine, kadi konang amungsuh lan sasi, cebo; nggayuh langit, nenggih paminipun.
Asembawa pun Parta punika, maring Bathareng ngong, yen pun Parta ingabena mangke, lawan nata yaksa sura sekti, nir upaya sandi, paran angsal unggul.
Leh punapi upayaning batin, lawan nyuwun ingong, utusana ngalap mrih kenane, wusnya matur winuruk tumuli, sagung kang pipingit, sinrahaken sampun.
Sanghyang Endra angandika aris, marmane mangkono, dahat sakti risang yaksa rajeng, nora wandenyarsa nglurugi, paksa gepuk prapti, marang Surenglayu.
Lah saiki kaki paran kapti, sira kang sun taros, kadiparan ta kaki yogyane, andelira mungsuh yaksa aji, apa amarani, apa dimen nglurug.
Kepenake nggennya campuh jurit, amung sira mengko, kang sun anti karsanira raden, lan maninge ramanta wak mami, angsung pemut kaki, marang sira tuhu.
Kasektene satuhu ngluwihi, sagung gamaning wong, luwih teguh yaksa raja kiye, yeku darbe ingkang pati urip, lah ta iku kaki, poma dipun antuk.
Unggyanipun kaliwat awerit, lamun prang sang katong, tandhing para Dewa sakathahe, ing benjang yen campuh ing ajurit, paran nggone olih, antukira unggul.
Datan kena ingawaga kaki, unggtan kang gumathok, pati uripira yaksa kiye, marma kaki sira ingsun weling, aywa kongsi sisip, gyanta mamrih lampus.
Ana dene sang Niwata iki, marmane mengkono, denya paksa ngrusak kaswargane, awit saking kacuwaning apti, ana widadari, dadya karsanipun.
Namanira kang dipun karsani, mring sang ditya katong, Ni Supraba iku ta namane, nanging nora sun paringken kaki, amung sun paringi, wadon liyanipun.
Sang Niwata tan panujyeng galih, lamun datan panggoh, Ni Supraba kang den kayunake, ing samangke kaki karsa mami, Sang Supraba nini, iku kang sun utus.
Gelar mara angunggah-unggahi, mring sang ditya katong, kang supaya antuk kajatine, pan kinarya kang upaya sandi, amrih pati urip, dimene kacakup.
De menawa iya den mrih resmi, dipun katon sagoh, ladenana langen njaba bae, aywa weya nggoning pati urip, dipun kongsi keni, aywa sasar susur.
Dipun bisa nggone amrih pati, aywa nganti dompo, sabab iku karyanira raden, kaki Parta sira tuta wuri, lakune sang dewi, amrih madu juruh.
PUPUH IX
DHANDHANGGULA
Sanghyang Rndra denya amemeling pati, mring Sang Parta apan ta mangkana, kaki dipun enget mangke, wewekasingsun mau, lakunira den ngati-ati, angiringaken sira, widadari luhung, poma dipun awasena, jajahane Ima nagri, aywa na kaliwatan.
Miwah jroning lalaren den titi, ingkang ewuh lawan ingkang gampang, awasena iku kabeh, kalawan sira kulup, sun gawani ingkang kulambi, aran Antakusuma, nenggih sawabipun, bisa ngambah jumantara, lawan aji Dreswasadana kaki, ingsun paringken sira.
Aji-aji Dreswasadana di, yen winatek bisa tan katingal, marma sira ing samangke, pan ingsun duta iku, laku sandi den ngati-ati, umiring Ni Supraba, tan weweka ingsun, wit pracayeng sun mring sira, dening sira luputing panca driyeki, marmane sun pracaya.
Lah Pamade ing panedha mami, muga-muga sira antuk karya, lakunira iku raden, ing tembe ganjaring sun, kaluwihan sagung dumadi, sihe wong Suralaya, walesira iku, toha jiwa srana pejah, pang mangkana Hyang Endra denira angling, tur bekti Risang Parta.
Ri sampune mangkana anuli, sinegahan wau Sang Harjuna, amepeki, sesegahe, sagunging dhaharan gung, saking swarga asarwa wangi, apa kang ora ana, uwus aneng ngayun, sewu rasa-rasa mulya, ingkang luwih-luwih sadaya cumawis, neng ngarseng Sang Harjuna.
Amung segah satunggale malih, ingkang dereng dipun segahana, lalangening estri dene, ing benjang wonten pungkur, lah punika ubayeng pati, yen sampun prapteng laya, risang yaksa prabu, praptanira kang ganjaran, tulus mukti Sang Parta aneng Swarga di, lan pitu waranggana.
Tan winarna srining anenami, Sanghyang Endra sawusnya mitungkas, mring Supraba Harjuna, Bathara Endra wau, pinamitan dening sang kalih, Supraba lan Harjuna, pareng awot santun, sumembah mring Bathara, pinapantes pareng mendhak sang kakalih, kadi panganten anyar.
Muwus malih Batharendra aris, mring Supraba lah dipun prayitna, umangkana dipun age, dene ta panedhengsun, babo-babo muga wong kalih, bisa alebdeng karya, lampahira iku, samangkana kang pitungkas, Sanghyang Sakra: sareng jumeneng kakalih, Parta lawan Supraba.
Kalih medal saking njawi kori, kacarita wau lampahira, Harjuna lan Suprabane, prasamya amangun kung, katara ing ulat lan liring, denira sami pangkat, tansah rangu-rangu, ketang ewuh ing lumampah, dene kenya lumampah lan priya adi, wau ta Sang Supraba.
Duk angkate apan semu runtik, ing samangke semu kalingseman, manon bawa sasolahe, manon bawa liripun, merang semu asmareng kingkin, marmane semu merang, kathah raosipun, rumasa yen ora layak, kenya adi lumampah lawan Pamadi, karya sem ingkang mulat.
Sing kapeksa parentahing gusti, nora kena lamun suminggaha, kang cinatur ing lampahe, wranggana ingkang kantun, pangucape pra widadari, ana kang awacana, kaya paran iku, satingkahe Sang Supraba, lakunira karongron lan Parta srimbit, kayapa aneng marga.
Yata sami angambah wiyati, Sang Harjuna lawan Sang Supraba, Sang Dewati lon wuwuse, raden lamun panuju, lah ta ndaweg ndika lumaris, pantes ndika neng ngarsa, kula kang neng pungkur, sampun leres wong wanita, aneng wingking tan wonten sinangga runggi, Parta aris wuwusira.
Dhuk pukulun Sang Wara Dewi, ewet amba yen lumakyeng ngarsa, lamun nemu sisikune, lan malih panedipun, anglugasa ukel sang dewi, tan susah ules dewa, mendah pantesipun, inggih lamun ngliga madya, milanipun Dewati kula aturi, angliga madya tuwan.
Amba ingkang ngawasaken mangkin, ing ruruse madya pakenira,, saking wuri pamawase, tan wonten panedipun, amba saged ngawasken mangkin, kalamun mlampah ngarsa, yekti tan katlisut, masa ndadak yen ilangan, saged ngreksa marang Sang Wara Dewati, wangsul yen kula ngarsa.
Ithik-ithik pasthi amaba nolih, semanging tyas manawa ta ical, angribedi lampah bae, kalamun pakenira, yekti tanpa kewuh, sampun pantesipun uga, mring paduka leres lamun iring-iring, lir abdi panakawan.
Boten larang abdi Sang Sudewi, sampun mungguh abdine Sang Retna, karya kula kula sayektine, lan malih ingkang gelung, sekarira mbok wonten gigrig, utawi, lamun rentah, kawula kang njupuk, punapi ta lamun lukar, ukelira nenggih Sang Wara Dewati, manira ngaruhana.
Sang Supraba mendel tan nauri, Sang Harjuna nuli malih mojar, mangkana ris pamuwuse, pukulun Sang Dewa yu, sun tingali rengu Sang Dewi, katareng dening ulat, katon lamun sirung, manira tan ngraos lepat, langkung awon tiningalan reh lumaris, pened yen gugujengan.
Langkung sae tinonton ing janmi, atur kula boten ngamandaka, Dewati mung sayektine, njawine njeronipun, boten watak pulasan mami, Sang Dewi wruhanira, peteng tyas ngong tuhu, punapa kang madhangena, pan mangkana wuwusira Dyan Pamadi, Supraba saurira.
Ngucapaken liyan kang den angling, Sang Supraba mangke awacana, lah ta raden amba taken, manira tanya tuhu, dhateng pakenira Sang Pekik, ing mangke sampun tebah, inggih gyan lumaku, pakenira kula, inggih saking Suralaya prapteng ngriki, Sumeru wus kawuntat.
Lah ing mangke sampun prapteng budi, lawan malih mangke kula tanya, nenggih pundi lerese, nagari tuwan tuhu, ing Batanakawarsa puri, lerese pundi baya, negri Ngastina gung, Sang Harjuna saurira, lah mbok inggih sampun andangu nagari, prayogi andanguwa.
Sanesipun kadangkna mangkin, baten dados raose kang manah, wangsul tuwan taken mangke, nagari amba iku, ing Batanakawarsa puri, punika ta Sang Retna, kathah kang kagugu, raosing tyas enget marang, dhateng kadang-kadang ingkang sami kari, kang aneng ing nagara.
Lir sinendhal raose kang ati, enget marang kadang-kadang ing wang, raka amba kakalihe, la ari kalihipun, lawan kangen mring ibu mami, tanapi wadyabala, kulawarga sagung, raka-raka pakenira, garwa kula satemah muwuhi kingkin, mangka ta sataning tyas.
Anglipura nggen amba sru kingkin, mesem sira Sang Wara Supraba, mulat liringing tingale, ambleret tur mawelu, sang Supraba raosing galih, jroning tyas asmu merang, sira Sang Dewi yu, ri wusira kang mangkana, lamahira Sang Harya ingkang winarni, kalawan Sang Supraba.
Aneng wiyat sarwi niningali, lalangene ingkang kaungkulan, sing ngawiyat katingale, lowahing gunung-gunung, pipinggire hernawa asri, lumemba ngobak-ngombak, tepi kang kadulu, pandhan-pandhan lan pandhonga, karang liman asri kawurya ingeksi, wonten kang peksi saba.
Peksi kuntul nglayang nglabung ardi, panglayange teka mungu rimang, denya lir sinawatake, warnaning peksi mabur, myang asrining samodra keksi, tinilar dening ombak, mundur kanang ranu, lamun tinon kang muwara, lir tinulis karya sengseming pangeksi, ana kang katingalan.
Antigane aglar wonten tepi, ning muwara katon pethak memplak, winadhahan parangronge, akaton malih wau, puspita kang jajar teping: tasik sekar angsoka, lawan sekar andul, ting karethap maweh rimang, lir winungu brangtane priya lan putri, menget dereng kawedhar.
Dereng wanci wudharing wiyadi, dadya amung cinathat jroning tyas, Sang Supraba lan Pamade, linipur langenipun, wonten malih ingkang kaeksi, tepining kang samodra, nanging sakalangkung, sepi-sepa tanpa janma, teka pantes tinonton saking wiyati, yen dadya paasraman.
Wonten nggene brahmana teteki, yoga broto ngeker panca driya, nenggih pantes dumununge, wong tapa ngidang iku, de puniku dgasare sepi, anggugah jroning driya, nira Sang Binagus, dene mentas yoga brata, saweg luwar antuk nugraheng Hyang Hyang Luwih, kangen mring kadang warga.
Saya tebih lampahe sang kalih, paranira Sang Wara Supraba, kalawan Sang Harjunane, nglangkungi alas agung, ana gajah adus ing tlagi, awaking kang liman, kemule puniku, kemul sekar tarate bang, lan kumuda solahe njerum ing warih, wau ta gajah wanan.
Sukunira sidekung ing warih, tulalene angadeg tur njenthar, sarwi nemburaken ing we, saking ing tlalenipun, wonten dene sato iku warnanira, kadi kidang nanging ules rase iki, arum ing gandanira.
Ngayunaken srengenge yen guling, malah balut mripate katingal, saking tingal tan kumedhep, rupane yen dinulu, kadi wong kang mangun semedi, wau ta Sang Supraba, lampahira sampun, anglangkungi candhi sela, nanging sampun sami risak den tingali, wonten ta bale panjang.
Aneng ngayun candhi den enggeni, nanging sampun katuwuhan wreksa, candhi ukir-ukirane, cuwiring dhapuripun, sami sampun dipun tuwuhi, galagah alang-alang, kadi wong amuwun, warnanira candhi ingkang, babaturing candhi runtuh wus kaendhih, dening witing angsoka.
Ingayunan tuwuh kang nyugadhing, sampun luhur dene wus alama, kang nyugadhing runtuh wohe, runtuh neng keringipun, runtuhane athukul nuli, nyugadhing lama-lama, temah dadi agung, pan manak kumanak, kang nyugadhing munggeng sangayuning candhi, asri yen tiningalan.
Ya ta sira nglangkungi nggen sepi, Ni Supraba lawan risang Parta, tulus tan atinon kuwe, asepi sepa samun, pantes lamun dipun enggeni, marang sang prameng sastra, para luwih iku, manggon aneng konon padha, ewa dene sampun tan ana sujanmi, mung peksi ingkang ana.
Peksi merak kalih jalu estri, mukti sarira ras karasikan, logya anon sira mangke, kilating mega mendhung, peksi ika ngigel respati, tan wruh yen wadonira, aneng pungkuripun, milu ngigel wadonira, sarwi nlisik-nlisik lari ingkang laki, arukun lir pasihan.
Sampun telas satepining candhi, candhi sela uwus kalangkung, Sang Supraba lan Partane, wonten ingkang kadulu, gyaning ajar dipun langkungi, ngadegken kaki ajar, walataganipun, tegese kang walataga, tetengering sang tapa amati ragi, aneng ing pamelengan.
Lagi emeh sacandra kaeksi, denya pati geni risang tapa, aneng jroning asramane, tepining tanpa iku, binatur ing sela putih, ngungkurken geger arga, jurang kang neng ngayun, rupane yen tiningalan, kadi lembu ayun tumurun mring curi, kang anjog ing jujurang.
De payoning patapan anenggih, akalingan awun-awun ika, lamat-lamat katingale, gapuranira munggul, kekemulan ing ima putih, cat katon cat kalingan, rupa kang kadulu, lamun den upamakena, gapurane katingal saking wiyati, gapura ing kaswargan.
Pan ing kono ana widadari, nguni nggodha marang sang pandhita, risang tapa wawangine, Bagawan Trenawindu, ingkang darbe pertapan iki, iku kang binancana, dening wranggana yu, araning kang waranggana, Dyah Arini widadari ika keni, esote sang pandhita.
Sutapane risang mahayekti, tulah sarik tegesing sutapa, pan anandhang roga mangke, Arini sang dewa yu, apan bisu sang kadi Ratih, tan bisa awacana, karsane yun mantuk, iya marang ing kayangan, sanget merang mring rowange widadari, angendhang neng pratapaan.
Mila ngibon-ubon widadari, karsanira enggala rinuwat, nggenya nandhang cintrakane, dene ta karyanipun, ngambilaken agni dupan, netepaken padupan dipun lampahi, kalamun katamuan.
Widadari ingkang ananggapi, panyapane marang tamunira, mung tingale panyapane, agyan ta kang kadulu, kang udaka wimbasing ardi, anggraning kang acala, iline tumurun, anut sukuning acala, wastanipun pratapane sang maharsi, nami arga Jembangan.
Ilinipun toya kumarisik, anjog aneng tengahing talaga, kumukus saben enjange, toyane talaga gung, ing tepining talaga iki, ana kaya angsana, sari lamun runtuh, tiba aneng ing talaga, kang angsana malah tekeng Suranadi, tan pegat mili sekar.
Puspengsana nut ilining warih, wonten peksi jalu estri miyat, mring Supraba Harjunane, katone arunruntung, mila meri sigra anlisik, elaring somahira, suka jiwanipun, kadi age tiningalan, mring sang kalih semana lampahe prapti, langening kang puspita.
Sang Supraba lan Parta samangkin, katon enggar sajroning wardaya, wruh ing sarwa kusumane, pangayun-ayunipun, sagung sekar sami kepingin, supadi ingambila, dening kalihipun, ing mangke saya kawuntat, tan pinethik dening Sang Wara Dewati, keh sekar samya mular.
Apan sami sanget kawlasasih, sagung sekar wus tan katingalen, marang risang kakalihe, wonten kang peksi tuhu, anjrit neng pang isthane kadi, sung wangsit aken rarywan, lunging jangga lumung, aneng marga idhepira, lamun liwat kene sun pulete kalih, satemah nora lunga.
Lampahira Sang Wara Dewati, lan Harjuna apan sampun tebah, wus kapungkur jajahane, wus prapteng watesipun, Ngima-imataka nagari, danguning lampahira, nenggih pitung dhawuh, duk samana Sanghyang Surya, logya ayun tumiling mangilen nenggih, satata tinut ganda.
Lampahira Sang Wara Dewati, wau non ingkang peksi kredha, miber ngarsane rahaden, sang kalih lampahipun, lir anggana atuduh margi, dhateng ing Ima-ima, ya ta esthinipun, wau ingkang alalampah, Sang Harjuna lawan Sang Wara Dewati, anglir mas timbul tirta.
PUPUH X
MASKUMAMBANG
Mireng swra gumuruh sru amelingi, sira sang harjuna lawan risang Widawati, dene swara kang kapyarsa.
Swaraning kang danawa kasukan sami, sanggen-nggen gumerah, para yaksa sukeng galih, swaranira agurnita.
Risang Parta taken mring Wara Dewati, swara kang gurita, Sang Supraba anauri, Raden Parta wruhanira.
Swara gora gumuruh myang nggegeteri, yaksa suka wijah, tatabuhan asenggani, gumuruh sru kapiyarsa.
Sang Niwatakawaca nedhenge mangkin, enggennya mangun suka, mandhi-mandhi sagunging wil, tegese mandi bala.
Abibingah dhateng balane sang aji, denya ambibingah, dene wadya den wewahi, tikel-tikel wewahira.
Wadya seket winewahan wadya sami, nulya pinaringan, arta rukmi busana di, dimen sami den anggeya.
Sarta kinen mbeciki gegaman jurit, sagung sikeping prang, dimen sami den beciki, milanipun asiyaga.
Dene Prabu Niwatakawaca aji, kirang pitung dina, denya arsa anglurugi, nenggih marang Suralaya.
Nanging Raden lampah kawula puniki, lawan pakenira, denya sami lampah sandi, sing kapeksa awaking wang.
Pan ingutus marang Sanghyang Endra nenggih, dadya badan amba, pakeweding tyas ndhatengi, ruwet peteng lalimengan.
Sakalangkung ajrih miyat mring yaksa ji, mangka kinen nemah, ngraketi sarta ngabekti, maring mengsah kang mbek arda.
Lah ta sinten ingkang purun ngujiwati, kinen marek manah, prabu yaksa nggigilani, gung luhur anglir prabata.
Lawan lamun awak kula saupami, ngantos kalaksanan, sajiwa lan Niwata ji, luhung nuli prapteng pejah.
Adhuh lae sinten sakiting pati, timbang nandhang wirang, gesang namung sedhih kingkin, wirang tinon lintang wulan.
Mila mangke langkung pakewed tyas mami, lamun ta lumaksa, tanbuh ingkang dipun ungsi, sinten baya ingung siya.
Pae Raden Pamade manira iku, lamun adarbeya, sanak kadang nguwasani, pasthi ngungsi marang kadang.
Wangsul datan wonten ingkang ulun ungsi, nggayuh-nggayuh tuna, nyandhak-nyandhak tan polih, Raden lire awak kula.
Sapa sinten ingkang welas maring kaswasih, wuwusira lawan, Sang Supraba awor tangis, mingseng-mingseng luh marayam.
Sawusira telas sabdeng Sang Dewati, ya ta Sang Harjuna, aris denya anauri heh Sang Dewi jengandika.
Punapa ta angraos wirang Sang Dewi, dhateng Sanghyang Endra, miwah lamun tan kadugi, anglampahi dhawuhira.
Sanghyang Endra: umareg marang sang aji, risang yaksa dipa, lah punika tan prayogi, sampun ndadak wancak driya.
Sampun darbe semang-semang tyas kwatir, kula ingkang dadya, sipat kandel Sang Dewati, mila sampun tyas sandeya.
Ing satingkah solah paduka Dewati, kula sakti nyata, sandeyaning tyas ta malih, upamine jengandika.
Rinumpaka mring Niwatakawaca ji pinrih ing kalagyan, betah-betahena ugi, masa ndadak sibodhowa.
Sanghyang Endra ngutus kinen lampah sandi, marang pakenira, marma ulatira mugi, ingkang rengu saspana.
Dadya sumeh nging jroning tyas aywa kungkih, lawan malih kula, matur marang Sang Dewati, wus sedhenge mangke uga.
Angrakita wisaya ingkang mranani, marang Sang Niwata, dene lamun sampun keni, ing pangrimuk pakenira.
Marang manahipun sang Niwata benjing, pasthi lamun kena, nyawanipun sang yaksa ji, dening pameting wisaya.
Yogya kadi panggodhanira mring mami, anglir duk samana, aneng Endrakila wukir, aywa ndadak dipun beda.
Sawusira Harjuna ngling anyagahi, marang Sang Supraba, sigra denya ngadi ragi, gelungira ingowahan.
Duk ing wau Supraba ayun tan apti, nggodha sang Niwata, mangke rena sukeng galih, sing wignyane Risang Parta.
Angingimur ature angasih-asih, wau tikelira, alisipun Sang Sudewi, ing samangke dadya suka.
Apan kathah lamun winuwus ing kawi, tingkah pangupaya, nira sang putra-putri, Sang Harjuna lan Supraba.
Sampun musthi weweka upaya sandi, ya ta lampahira, Ngima-imataka prapti, Supraba lan Sang Harjuna.
Aneng taman welahan kendele kalih, sigra samya lenggah, pra pawongan kenya puri, sami ngadhang0adhang marga.
Ing ngudyana wara gyan putri piningit, ingkang kacarita, titiga pra widadari, aneng tamaning welahan.
Wonten ingkang papajangan langkung asri, kadang pasareyan, nenggih ingkang den cawisi, tan lyan amung Sang Supraba.
Mila sepi tan wonten purung nglinggihi, de wau sang Parta, sigra denira umanjing, aneng kalpataru nggennya.
Tegesipun kalpataru kanca nadi, nenggih ingkang ana, jroning langse sutra wilis, kayu-kayon sing kancana.
Ingkang aneng ing ngarsa ageng nglangkungi, angling genging wreksa, Sang Supraba ingkang linggih, sajroning kang pajangon.
Mila manggen kalpataru Sang Pamadi, jagi Sang Lir Retna, denya nandukaken sandi, papasihan lan Niwata.
Kang den ucap supadi kapyarsa titi, tan na kaliwatan, wignya cetha denya myarsi, wusnya manggen Risang Parta.
Duk samana Sang Supraba sampun linggih, aneng papajangan, sarwi ngore-ore weni, rema wilis angrembaka.
Memak muyek rema ngendra wila wilis, wau Sang Lir Retna, sampun ngagem sinjang adi, walungsungan Antaboga.
Warnanira sinjang anglir mas sinangling, mentas sinepuhan, abyor muncar anyeneni, angujawala lir kartika.
Langkung endah warnaning pajangan adi, ingkang lininggihan, dening sira Sang Dewi, iyeku kang arumeksa.
Papajangan apan risang widadari, tiga kathahira, ayu-ayu ngrespateni, ya wau sami prapta.
Widadari katelu pandung kapti, marang Sang Supraba, lawan datan nyona yekti, mangkana ta wuwusira.
Babo-babo sapa ingkang wanuh wani, lungguh papajangan, kadi ingkang den cawisi, angakuwa den pratela.
Praptanira widadari tan udani, marang dyan Harjuna, denya thenguk-thenguk linggih, aneng kalpataru nggennya.
Marmanira widadari tan udani, dene Risang Parta, awit sampun matek aji, kadreswana wus winatak.
Manglemunan Harjuna datan kaeksi, ya ta praptanira, Leng-leng Danu sigra linggih, soring kalpataru nggennya.
Leres pangkon Harjuna dipun linggihi, alon Risang Parta, nangga payudara kalih, mesem ing tyas Sang Supraba.
Sarwi angling marang para widadari, tiga ingesemen, lah ta kakang Prabasini, saprikanca waranggana.
Baya pandung pakenira mring wak mami, ingsung Sang Supraba, gupuh ngrakul ganti-ganti, para widadari tiga.
Mangkana ta lingira pra widadari, adhuh arining wang, Sang Supraba ari mami, ingsun iki paringira.
Sanghyang Endra pinaringaken mariki, ujaring sun iya, kadi sampun wikan mami, iya marang pakenira.
Alon muwus wau Risang Prabasini, marang Sang Supraba, dhuh Dewati ari mami, ingsun tanya marang sira.
Sapa rencangira mariki puniki, dene praptanira, sdhuh yayi Sang Dewati, pangidhepane pun kakang.
Lir katiban ndaru praptanira yayi, dene sira nyawa, dadya sekar sri-asrining, raras srining Suralaya.
Pan kalakon mengko tumurun mariki, marang madyapada, yekti tan angucap malih, amung sira sekaring rat.
Adhuh babo dadiya wruhanta mariki, risang yaksa raja, tan pegat denira runtik, iya marang Sanghyang Endra.
Karanane tansah runtik Sri Bupati, dene jeneng sira, datan sinungaken nuli, karya rudah wong sapraja.
Lawan sanget wewah bendune Sang Aji, marang Sanghyang Endra, nggennya mangke mireng warti, met sraya mring Sang Harjuna.
Dadya mangke Sang Prabu arsa nedhaki, sampun asiyoga, denya arsa anglurugi, iya marang Suralaya.
Lah ta yayi Supraba paran ing mangkin, ing sapungkuring wang, paran baya kang pawarti, pra Jawata solahira.
Lawan para wong ing Suralaya sami, ingkang budi daya, ingsun kangen temen yayi, marang sanak kadang warga.
Ingkang kantun aneng Suralaya yayi, reke wuwusira, sarwi sengruk-sengruk nangis, lawan ngusap weninira.
PUPUH XI
S  I  N  O  M
Samangkana Sang Supraba, angling marang Prabasini, langkung bagya kamayangan, awak amba de kapanggih, aneng ing taman ngriki, weh langening taman santun, ing mangka saya wewah, Ngima-ima langkung asri, wit kanggenan pra widadari sakawan.
Karanane awaking wang, prapteng ngriki sapuniki, dene ingsun ayun wikan, asrinipun kang nagari, satuhu katon luwih, Ngima-ima ingsun dulu, ngasorken Suralaya, uparengganing nagari, dhadhasare kang darbe praja digdaya.
Sura sekti mahambara, inggih kakang Prabasini, purwanipun kula prapta, Ngima-imataka ngriki, daruna mireng warti, lamun yaksa prabu ayun, nglurugi Suralaya, kadi-kadi tan kuwawi, yen tulusa karsane Sri Naranata.
Anggecak ing Suralaya, sapa ingkang anangguhi, sagunge wong Suralaya, kamulane manira jrih, dadiya tawan benjing, marma ingsun iki rawuh, nglonloni angawula, marang risang yaksa aji, saking ajrih manira mbok dadi tawan.
Prabasini wuwusira, dhateng Risang Wara Dewi, adhuh ariningsun nyawa, bakit ngucap sira yayi, denira amet ati, marang manahireng kakung, mandah yan miyarsaa, marang risang Niwata ji, ucapira ingkang bisa mamet prana.
Mendah dene sru karenan, yekti lamun lunturing sih, iya yayi marang sira, mangkana saupama yayi, sang prabu kang upami, trena-treni lawan taru, mangsane yen katiga, yekti lamun sami agring, yen katiban udan ingkang labuh kapat.
Yekyi seger sami samya, marajakake anyeneni, weh enggaring wong sapraja, kang minangka udan yayi, ing labuh kapat iki, datan liyan mung praptamu, lah yayi wis kantuna, aneng kene Wara Dewi, ingsun matur marang Jeng Sri Naranata.
Ingsun pangkat tur uninga, lamun sira mangke prapti, yayi saking Suralaya, praptinira yun suwiwi, sugra Sang Prabasini, mesat saking taman santun, dene ta kang tinilar, Leng-leng Danu Watsasini, amanggihi marang Sang Retna Supraba.
Prabasini lampahira, wus manjing mring dalem puri, marek mring raja Niwata, matur saho awot sari, pukulun paduka ji, patik bra ing mangke matur, paduka binathara, Sang Supraba mangke prapti, njujug aneng sajroning taman welahan.
Nggennya prapta sedyanira, mawongan mring Sri Bupati, sampun dangu nggennya prapta, Sang Supraba nganti-anti, milane enggal prapti, ngaturaken kangenipun, maring ing padukendra, saking dene Sang Dewati, pamawange sayekti boten jaya.
Inggih Sanghyang Batharendra, ing benjang yen tempuh jurit, dipun wawrat yen kasoran, pra Jawata mring Sang Aji, ing mangke Sang Dewati, ngrumiyini dhatengipun, owel dadya boyongan, suwita mring Jeng Sang Aji, dimen dadya suka pirenan ing karsa.
Sampun telas aturira, widadari Prabasini, aturira mring Sri Nata, angandika, Sri Bupati, heh sireku den aglis, mareneya sandhing lungguh, den parek lawan ing wang, ingsun ganjar sira mangkin, tampanana pangganjaring sun mring sira.
Dudu picis rajabrana, mung liringe tingal mami, lan resmining guyuning wang, tampanana den tumuli, lah dene ingkang prapti, nyawaningsun ingkang rawuh, mangka ta tan ingucap, sewu bagya tekeng ngriki, kekembanging sagung ingkang waranggana.
Prapta aneng prajaning wang, Sang Supraba Wara Dewi, la-elaning Suralaya, pasthi dadi garwa mami, sapa kang nora apti, amengku mring Sang Retna yu, kalawan dadya tandha, lamun ingsun menang jurit, lawan para Jawata ing Suralaya.
Sawusnya ngling Sri Narendra, sgra wau den nya mijil, saking dalem prabayasa, lampahira datan aris, tan wonten ingkang umiring, amung sagung para arum, lampahe mring udyana, tan winarna aneng margi, ya ta Sang Nata ngudyana wana.
Praptanira aneng taman, sang Niwatakawacaji, taman padhang lir raina, jroning taman anelahi, kasorot dening sasi, kawewahan kenyaripun, kencana retna abra, dadya wewah anyeneni, kang udyana anglir pupujaning dewa.
Tan wus lamun winarnaa, sang Supraba kang wus panggih, datan taha Sri Narendra, gya sinambut Sang Sudewi, tan wang-wang Sri Bupati, wus pinangku Sang Dewa Yu, minggah mring bale raras, ingkang bale kencana di, pan winangwang wang-wang wau salir retna.
Samangkana Sang Niwata, dennya mangku Sang Dewati, gya lumungsur Sang Supraba, pan cinandhak mudhun malih, marmane mudhun malih, Sang Supraba merang ndulu, marang pra waranggana, katigane iku maksih, nulya kinen widadari wisataa.
Prabasini dipun enggal, lunga lan Warsasini, Leng-leng Danunipun uga, katelune dipun aglis, karana sira mami, ingsun aken lunga iku, de iki jiwaning wang, Sang Supraba merang uning, marang sira katelu padha lunga.
Widadari tiga sira, sigra kesah tan asari, mantuh datheng Suralaya, Sang Niwata nulya angling, mring Risang Widadari, wuwusira manis arum, dhuh yayi jiwaning wang, tingalana ingsun gusti, lindrining kang tingal age umiyata.
Lan maninge Sang Kusuma, dene tekanira yayi, prapta nora nganggo ana, kala duta amangmangsit, mungguh ing estri luwih, baya sira iki masku, sun yayi wus rong dina, rong bengi tan ana mari, alis tengen kedhuten tan sita-sita.
Nanging sira mirahing wang, teka nora prapta yayi, ingsun sidhep lamun prapta, ingsun anti nora prapti, lan malih impen mami, sun kaguntur sagung madu, pantese lamun teka, iya sira jiwa mami, temahane sira nora ana prapta.
Mengko tanpa kala duta, ndadak sira prapta iki, dhuh kusuma jiwaning wang, baya asih marang mami, rempuning tyas Sang Aji, sigra lekas dennya ngungun, ngreremih mring Supraba, dhuh murtining para ratih, ratih ratu ratuning wong Suralaya.
Papanggih sun lawan sira, lah upama ingsun kadi, lir supena jroning nendra, sang arum lan jiwa mami, upama ingsun iki, apan kadi lunging gadhungnya, tan antuk rarembatan, kang upama rambatan wit, uwit ragas kalawan lung gar hungira.
Tegese kang kayu ragas, wit candhana iku yayi, kang minangka lung gadhahungnya, iya awadingsun yayi, upamanira iki, candhanane Sang Dewa Yu, lan malih saupama, lir sinta kaminta riris, ciptakeng sun kang minangka ririsira.
Anglir cucur saupama, duk minta mijil sasi, ingkang mangka cucur ingwang, mangka wulan Sang Sudewi, kalamun wande panggih, pun kakang lan Dewaning rum, amesthi pelah ngarang, wus kasedya siyang ratri, wenangena ing mangke anuwun duka.
Pan mangkana ngungrumira, wau risang Niwata ji, saya rawuh semunira, pangungrume yaksi aji, lire rawuh ing mangkin, amudhari wosing pinjung, wignyane Sang Niwata, meh kalantur ing saresmi, Sang Supraba kakenan basa la-ela.
Langkung dennya mrepek ing tyas, pangungrume sang ditya ji, Supraba nget ing wardaya, mring Harjuna kang piweling, sigra denira tangkis, Supraba mring karsa prabu, nanging ta Sang Niwata, meksa nekakaken kapti, sigra dennya anamakaken warastra.
Inginggatan mring Supraba, pinapeksa sru gumingsir, temah luput dennya matang, angenani kasur sari, atundha pitu tapis, butul ingkang kasur pitu, warastra Sang Niwata, Sang Niwata temah runtik, runtik saking dennya kacuwaning karsa.
Samangkana Sang Supraba, umatur mring Sri Bupati, dhuh pukulun Sri Narendra, sampun age-age runtuk, Bathara mring pun dasih, punapi ta ndadak luput, samenggah badan kula, lamun sampuh kagem yekti, samangsane sinten ingkang munasika.
Mangke yekti datan kena, uwal saking asta aji, lamun luput dalu siyang, sayekti tan cuweng kapti, tan wande awak mami, kagem rinten lawan dalu, sapa ta ingkang malang, ing sekarsa paduka ji, sapunika sayektine badan kula.
Lawan malih atur kula, mring paduka Sang Dewa ji, samengga ing badan amba, den upamekna ugi, lir gendhis aneng lathi, dipun emut saminipun, ilanging manisira, tan lyan maring Sri Bupati, sapa ingkang ngraosaken legining gula.
Marmanipun dipun sabar, sarehena ing penggalih, aywa ndadak daya-daya, sapa sinten kang ndarbeni, tan lyan Sri Bupati, ing karongron mamrih kiwul, anekakaken karsa, mung sapisan mangke inggih, ngapura marang ing badan kawula.
Risangsaya pingimurnya, sira Risang Retna Dewi, arum manis sabdanira, adhuh kakung atur mami, paduka kakang aji, tuhu ratu dibya punjul, isening Suralaya, mung paduka narapati, dhuh paduka tuhu ratu tanpa sama.
Nadyan sami para nata, datan kadi Sang Dewa ji, kawasa mring asthaguna, sapa ingkang purun ugi, dhumateng kakang aji, nadyan Brama lawan Wisnu, sandyan Sanghyang Siwah, Batharendra langkung ajrih, pra Jawata sadaya ajrih paduka.
Satelase pangimurnya, marang Risang Niwata ji, ical krodheng Sang Niwata, kasok saking ing pangremih, wignyane Wara Dewi, sareh galihireng prabu, enget mring Sang Supraba, tuwuh marang rehning kingkin, Sang Supraba rinangkul den ela-ela.
Adhuh mirah arining wang, dewataning tilam sari, iya bener ujarira, wiwitane ingsun sekti, atapa ingsun yayi, olih luwih saking manus, daruna brataning wang, satus brata sun lampahi, dadya Sanghyang Rudra sung nugraha ring wang.
Dene ugyaning sun tapa, ingsun warah mengko yayi, aneng lambung ing imawan, ana enggon kang sun nggoni, dene tatapa mami, dipun guntur ping patipun, marang ing pra Jawata, puguh saking guntur yayi, tan kapepet guwa panggonaning tapa.
Sawusira kagunturan, datan kengguh tapa mami, nulya Sanghyang Rudra prapta, anedhaki prapteng wukir, Hyang Rudra denira ngling, heh Niwata paran kayun, nggenira mara tapa, njaluk apa sira iki, dene tapanira mengko wus katrima.
De ature kakangira, dhateng Sanghyang Rudra nenggih, pukulun sang Bathara, mila amba mati ragi, kang kula pinta yekti, maring pada Bathara gung, ing jagad sadayanya, lan ing Swargaloka inggih, sedayane ngawulaa mring Niwata.
Sabuwana lawan swarga, sagungipun pra dumadi, aywa ana ama-madha, dadya sinung ingsun yayi, nugraha kang sayekti, sing Bathara Rudra iku, sawuse awawarah, Niwata mring Sang Dewa di, dadya rempu manahira sang Niwata.
Marang Risang Kadi Retna, lire rempu kang panggalih, sira risang yaksa dipa, dene supe mring wawadi, karsanira ing mangkin, medharaken wadinipun, ngandika nir weweka, wruhanira awak mami, tuk nugraha kasekten sinungken mring wang.
Wekas-wekasing jiwa gra, enggenireng sekti mami, yekti lamun datan ana, kyeh sanjata anedhasi, dene ta nggone werit, iya pati uriping sun, kang awit neng jiwa gra, pucuk ilat den werdeni, aneng kono nggoning patu uriping wang.
Nadyan dewa datan ana, wruha pati urip mami, yayi dewi amung sira, iya ingkang sun jateni, sun warah nggone yekti, iya pati uriping sun, marmane dipun bisa, ngandhut marang reh mawadi, aja sira wawarah marang wong liya.
Sawusira Sang Niwata, medharaken pati urip, awawarah mring Supraba, enggoning kang pati urip, gegetune tan sipi, lir kauwan jroning kalbu, tegese wong kauwan, kadi janma nyepeng peksi, peksi ucul saking tangane priyangga.
Miber prapteng jumantara, gegetune tan sinipi, nanging yekti nora bisa, nututana ingkang peksi, wit uwus ucul tebih, lah puniku tandhanipun, wong priya sru asmara, keneng sinthung wong pawestri, mamanising wanita karya wigena.
Mangkana ta Sang Harjuna, sawusira myarsa titi, sawuwuse Sang Niwata enggonira anjateni, anenggih mring Sang Dewi, sukeng tyas marwata sunu, tan ana ingkang dadya, semang-semang ing panggalih, wus kacakup pamecane Sang Niwata.
PUPUH XII
P A N G K U R
Kapungkur reh semanging tyas, Sang Harjuna lega raosing galih, pangupayeng tyas kacakup, pejahe Sang Niwata, samangkana karsa karya gelaripun, kang supadi dadi gendra, dennya karya amrih sandi.
Sigra minggah mring gapura, gapurane wiwara den anciki, sing kancana gapura gung, dinedel sigra rebah, swaranira sayekti lir gunung bentur, rebahireng gapura, angrebahi para cethi.
Ingkang sami eca nendra, aneng soring gapura kancana di, dadya geger sru gumuruh, wong sajro dalem pura, samya nangis kagyat sira Sang Aprabu, marmanipun Sri Narendra, de salami tan na wani.
Duratmaka manjing pura, tata harja ing Ima-ima nagri, katgadeng tyas Sang Aprabu, sumeleh Sang Supraba, dadya supe pasihanira sang Prabu, marang Risang Retnaning Dyah, lagya mengker Sri Bupati.
Sang Supraba sigra kenas, mring gagana nulya pinapag aglis, dening Risang Parta sampun, mesem Wara Supraba, aningali mring Harjuna dennya methuk, ingkang kadya esemira, wau Risang Wara Dewi.
Dene Prabu Yaksa Dipa, sampun keni dening upaya sandi, rikalane oter wau, sajroning pura nata, ana matur pawongan marang Sang Prabu, atur uninga semana, dhateng Sri Bupati.
Lamun mangke Sang Supraba, binekta mring Harjuna tan asari ananging ta tan rinungu, ature pra pawongan, pijer sanget krodhanira Sang Aprabu, dening sasat kaecalan, pati urip Sri Bupati.
Kabekta mring Sang Supraba, nyawanira Risang Niwata Aji, yun binuru dene sampun, lepasing lampahira, sang Supraba wus prapteng ing amun-amun, sakalenget Sri Narendra, lamun kenging ing piranti.
Sasandine Sanghyang Endra, sawusira mangkana sigra prapti, balanira Sang aprabu, prapta sami sakala, lan ing dalu wau praptaning wadya gung, de sang Nata sru sangsaya, manahira datan lirip.
Mandar sru denira krodha, sang Niwata dukanya tan sipi, anglir gunung geng Semeru, ndhatengi krodhanira, sapraptaning wadyabalane sang Prabu, uwus sami siyageng prang, tan anganti dhawuh aji.
Ngalun-alun Ngimantaka, sampun bentet dening wadyabala wil, jejel seseg ngalun-alun, mbalabar marang pasar, seseg pasar amber mareng lurung-lurung, seseg dening keh gagaman, awit wadya ingkang prapti.
Wau risang yaksa Dipa, neng bacira apan sampun kapanggih, parepatan mantrinipun, sira Sri Naranata, pangurakan swaranya gurnita umung, swara gora sru gumerah, tatabuhan munya asri.
Beri puksur lan gurnita, kalasangka umung swara melingi, anggreng swareng bala umung, kalawan tatabuhan, kadi gelap sayuta swara gumuruh, surem Sanghyang Andakara, sru mawelu bagaspati.
Gagamaning balanira, Sang Niwatakawaca amranani, anglir pindha baskara gung, ngujwala keh gagaman, wus kuncara sajagad lamun pinunjul, diyadine ing payudan, pra bagalba sureng jurit.
Lamun ngetog ing karosan, kelar nanting dipangga telu sisih, bisa amet tyasing wadu, tan ana antuk rengat, yen paparing risang Niwata puniku, anglir kang bunderesira, pangganjaring rina wengi.
Tan ngemungken mantrinira, kang ginanjar dening sang ditya aji, dalah wonge mantrinipun, lan tekeng bala rucah, myang pakathik miwah dhuda randha sinung, para miskin kawaratan, tan na ingkang den liwati.
Tuhu luwih anggaganjar, Sang Niwata mring wadyanira sami, lamun ana karya agung, miwah yen metoni prang, datan ana kang purun kantun wadya gung, tekeng para dhuda randha, wadon tumur mangsah jurit.
Wonten dene mantrinira, Sang Niwata papat kang sureng jurit, trahing wira wiring pupuh, araning mantri kapat, Sang Duskreta  Sang Kradaksa tiganipun, Sang Wiraksa jangkepira, Sang Kalarawaktra nami.
Tan na braja kang tumama, bebet saking ingkang ibu kakalih, dene ta kang kalihipun, bebete saking bapa, apan asring ginagulang ing prang pupuh, mila kalok ing triloka, angulama ngraket dasih.
Pan mantrine sang yaksendra, mantri papat ingkang ananggulangi, ambedhah mring Surenglayu, amboyong waranggana, myang wong Ngendrabawana sadayanipun, puniku kang nanggupana, dadya tanggulanging westhi.
Nisthanira Sanghyang Endra, dennya amet sraya manungsa mangkin, mila mangke karsanipun, anglurug mring Kaendran, pra Jawata Suralaya dimen mungkul, karsanira sang Niwata, amboyonga widadari.
Samangkana wus samekta, Sang Niwata sigra mangkat tumuli, mijil saking puranipun, lampahe Sri Narendra, sang Niwatakawaca busananipun, lir satuhu Sanghyang Nila, duk lagyarsa nglebur bumi.
Anitihi ratanira, rata inten narapati, rinarengga abra murub, lir daru gebyar-gebyar, lalandheping kikipinging rata iku, kedi landhepireng braja, ye kamangka kang pangirit.
Gajah ageng sirah buta, binusanan siyungira kawingkis, gumrit rata swaranipun, kang kambah anglir belah, dening ratanira sang yaksa prabu, saking genge ingkang rata, alon sareh gyan lumaris.
Ngarah-ngarah lampahira, wit agening sarira Narapati, kang ndherek neng rata ngriku, apan ta dewanggana, widadari: dewanggana tegesipun, kang anguswa pujengira, mangku suku den wedeni.
Asalaya tegesira, seje lire salaya den tegesi, beda-beda ingkang mangku, ing suku tengen kiwa, para widadari ingkang sami mangku, anyat iku teges nyelak, amrani mecut nenggih.
Karaneku dipun pelak, age prapteng ing don papaning jurit, saking panasing tyasipun, sang prabu Ngima-ngima, dadya metu geni netyanira murub, sira risang ditya raja, ayun age tempuh jurit.
Samangkana lampahira, angebegi marga agung seseg pepet, saking kehing balanipun, yayah tan keni ngetang, leksan kirnan kehing punggawa gul-agul, sami dennya nitih wagra, singa esthi gadrba di.
Lawan nitih kang sangkara, pra punggawa lamun tempuhing jurit, tutungganganira liwung, angamuk milu aprang, wonten dene tengranira Sang Aprabu, iya risang yaksa raja, sru gumregut ingkang baris.
Kacarita tengranira, carmanireng Antaboga ngajrihi, dipun jait sirahipun, wau kang ponang naga, kehing tengran apan sewu wolung puluh, sinebut ing manik toya, ageng-ageng ngrespatani.
Sawawengkonipun tengran, pan ingeka warnane tuhu asri, sagung tengran warnanipun, upama ingkang tengran, lir kukuwung ngebegi jagad raya gung, angajrihi tiningelan, maweh miris mungsuh atis.
Dene mantri kang kinarya, cucuking prang sanjata mantri kalih, Kredaksa lan Duskarsa nung, apan nak ndulurira, apratignya pejah siji loro lampus, kembar warnanireng tengran, lan titihanira sami.
Kalih sami putranira, sang Sodapa lan Gandapraba kalih, yaksa kao agemipun, angangge sarwa endah, sarwa luwih sarwa mubyar sarwa murub, mangkana kang para dtya, tuhu lamun karya wing-wrin.
Duk samana kacarita, ingkang dadya pambarepireng baris, sumrek seg-seg kang lumaku, rebut ngarep ing lampah, wus wateke yaksa tan sabar ing kayus, ana ngambah ing gagana, ana nunggang rata adi.
Ana dene tengrasnira, kang kinarya kulit gajah jinait, dipun seset gadhingipun, wigyane pra raksasa, kulit gajah kang kinarya umbul-umbul, kadi mendhung ngemu warsa, gadhing tulya ngilat-thathit.
Kang minagka pupungkasan, para wadya mantri ingkang rong iji, apan kembar warnanipun, Wiraktra Kalawaktra, sami nitih matengga kakalihipun, ngagem gada inten mubyar, dhadhasaring gada wesi.
Ingkang munggeng wuri pisan, sang Niwatakawaca narapati, lan prajurit sudibya nung, pra samya ngayap-ayap, mangersari aneng kanan keringipun, para mantri pan sawrda, tanpa petung pra wadya lit.
Tegesipun kang sawurda, apan sewu leksa lamun winilis, sakethenge leksan iku, liyane wadya nata, kang minangka tengran kulit sima iku, den seseti wulunira, bubuntute katut angin.
Sru kumelap wulu singa, katingalan lir aluning jaladri, dene ingkang aneng pungkur, danawa ababala, dereng pedhot wedalipun pra wadya gung, saking kori ing sayatra, dene bala kang rimiyin.
Sampun prapteng Suralaya, sigra dennya prasamya tata baris, suprandene ta ing pungkur, pan maksih selur medal, saking kutha saketheng para wadya gung, mbalabar lir tasik bena, kang kaparak sirna bersih.
Nggempur alas jurang-jurang, banyu-banyu asat kambah bala wil, tan na alas kang kadulu, akebak dening ditya, kayu rubuh keneng angin lesus, prabawane sang Niwata, kalut keles dening baris.
Pan kaelut kaedegan, dening gajah jaran rata lumaris, saking bala gung lumaku, lir lindhu ngampak-ampak, udan adres awon gelap lawan ketug, tuwin lesus myang prahara, prabawaning narapati.
Kala dutaning ngayuda, apan kasor wong Ngima-ima benjing, telas sakeh balanipun, dening wong Suralaya, apratandha watu guntur pucuk gunung, ing Semeru tiba marang, kidul arga den dhawahi.
Duk samana telas risak, jajahaning wong Suralaya tapis, ing Kaswargan lir ginempur, rinempak dening ditya, tan winarna solahe wadyabala gung, kang sami ngrusak jajahan, sadaya sru brangta kingkin.
PUPUH XIII
ASMARADANA
Sigeg gantya Dyan Pamadi, prapta lawan sang Supraba, arsa laju maregake, nggennya uwus antuk karya, ingutus Sanghyang Endra, nandukaken upaya nung, sasandining pangupaya.
Risang Parta matur aris, matur marang Sanghyang Endra, pan mangkana ing ature, dhuh pukulun Sang Bathara, pun Parta tur uninga, mengsah ditya sampun rawuh, yaksa endra sang Niwata.
Asabala tata baris, akukuwu pamondohoken, kidul ardi Semerune, dhuh punika Binathara, wus sedheng yen siyaga, mila mangke dasihipun, anut paran karsa tuwan.
Jajahan keh sampun tapis, temah kambah dening mengsah, kang saweneh ngili reke, ngungsi pada Binathara, ing mangke paran karsa, punapi ta kang kinayun, mung sumangga Binathara.
Sanghyang Endra ngandika ris, heh Harjuna wruhanira, sira kang sun anti kiye, dene wong ing Suralaya, wus sami mepak yuda, sangkep sagung gamanipun, kari nganti kang parentah.
Dene mengko karsa mami, ye ku mungsuh ingkang prapta, tan sun papag age-age, sedyaning sun ngekup kutha, balik wong desa-desa, ingkang durung ngili iku, kabeh padha den enggalna.
Malebuwa kese sami, kabeh sami dipun reksa, dening para Jawata keh, mulane sun kon manjinga, wong desa mring Kayangan, iya saking becikipun, kutha jagang Suralaya.
Marma wruhanira kaki, mungguhing wong mumusuhan, kaki Parta sayektine, amarani pinaranan, tan ana bedanira, apan padha karepipun, ngarepaken pati uga.
Karanane mengko iku, dudu ngekep jroning kutha, ing paprangan upamine, den kadi mong angeng guwa, angel yen pinejahan, balik aneng jaba iku, rare angon bae bisa.
Amateni anglarani, marang singa kang neng jaba, matur Citranggada age, dhuh pukulun Binathara, kalamun karsa tuwan, yen angekep kang kinayun, masa borong padukendra.
Nanging amba mangke inggih, darbe atur pamrayoga, dhuh Bathara saestune, duk punapa pra Jawata, yen ngekep unggul yuda, duk samanten Jeng Pukulun, linurugan Prabu Boma.
Pra Jawata amedali, mung angekep jroning kitha, pra Jawata temahane, kasor nuli sung pratandha, punungkul mring pun Boma, widadari sami katur, marang sira Prabu Boma.
Kaping kalihipun malih, duk paduka linurungan, mring Eawana atmajane, Dyan Indrajit ingkang nama, inggih Sang Begananda, ngekep kitha duk rumuhun, inggih kasor pra Jawata.
Sang panungkul widadari, duk punapa menang yuda, lamun ngekep kitha bae, mangka mangke karsa tuwan, angekep jroning kitha, sampun kathah tandhanipun, dene tansah mung kasoran.
Tanpa tuwas yen ginalih, aluwung yen medali prang, dereng katon sor unggule, mangka para kulawarga, samya gung kasangsaya, mila ulun kami purun, matur mareng padukendra.
Kang makaten yen sumawi, lamun mengsah sampun prapta, wonten kidul Semerune, leheng nunten pinaguta, pinethukaken ing prang, lamun mangke munten campuh, dwi prakawis panedira.
Kang kariyin ingkang nagri, datan risak dening mengsah, antuk kalih paedahe, pra kawula angsal papan, tan sompok papanira, angsal omber tiyang dhusun, mila yogya pinaguta.
Apan sampun tata sami, sadadameling ayuda, pened nuli campuh age, aprang wonten jawi kitha, lah dene sapunika, ingkang panggah ing prang ulun, masa ndadak mindho karya.
Pra Jawata Suranadi, saha wadya wetah ayam, datan wonten was manhe, mapag mengsah pra raksasa, dhasare Risang Parta, uwus antuk tuwan utus, anandukken budidaya.
Anggenipun lampah sandi, mamrih ingkang pejah gesang, punapi ta kuwatose, mengsah lawan ditya raja, campuha ing ayuda, ingkang dadya boting pupuh, prang Niwata lan Harjuna.
Sawusira matur titi, sigra Risang Batharendra, mijil saking Kayangane, apan nitih wahananya, gajah pun Erawana, pan ingiring Jawata gung, lan sagung wong Suralaya.
Lamun dipun sawang yekti, warnanira Sanghyang Endra, dennya nitih wahanane, dirada pun Erawana, rinengga sarwa retna, sayekti lir gunung apyu, lawan ngasta kanang bajra.
Sinongsongan sungsun katri, munggeng aneng nginggil liman, Batharendra ing lampahe, kang kinarya songsong tundha, rambute kang garudha, pindha jaladara mendhung, ngemu warsa saupama.
Yen winawas ing suwarni, sira Risang Batharendra, duk lagya nitih esthine, satuhu lir Hyang Haruna, amimba Sang Acala, kang parbata tegesipun, harunane Bagaskara.
Duk samana sampun mijil, Batharendra gya pinapag, dening Dewa Resi kabeh, sami saking ing gagana, mumuji jaya-jaya, swaranira langkung umung, dennya muji Resi Dewa.
Estu wida angastuti, warnane pan kadi udan, sinemeni upamane, myang swaraning resi gana, ing wau kang kapyarsa, amelingi swaranipun, prabawane Batharendra.
Yen ta lamun metu jurit, karya geter ingkang mengsah, yen jinarwan ing tegese, udan awor lawan panas, awuntu kang bawana, tatabuhan beri umung, karengeng sing antariksa.
Kang lumampah aneng ngarsi, nira Risang Batharendra, wadya para Dewa kabeh, ingkang aran durandara, tegese durandara, pra panyutra tegesipun, ingkang nate ginangulang.
Sarehne wong mangun jurit, kehe pirang-pirang laksa, sami ugi panganggene, kulambine saking carmaning taru-taru emas, gajah meta corekipun, kinakitir ing kancana.
Dene tengranira kadi, mega mendhung ngemu warsa, tinatepi ing thathite, wonten dene kang minangka, pangarseng Sanghyang Endra, agul-agul prawira nung, wau Risang Citragada.
Anithihi rata manik, wahanane Citranggada, sarwa retna rarenggane, kalawan cacahing bala, sawurda kathahira, yen cinatur kathahipun, sawurda pan sewu leksa.
Sikepira pra prajurit, sami nyangking tamengira, anglir yun banda-bayane, ing sajuru-juru nggennya, atata titi atap, traping wadta datan wor suh, apapanthan enggenira.
Kang minangka tandha sami, umbul-umbul warna abang, Citrangganan kabeh wonge, ndaludaging para wadya, sinawang lir wangkawa, akakantha emas murub, dwa jalabra tiningalan.
Dene kang sumambung wuri, nira Risang Batharendra, Citrasena paparabe, gagamane raras ika, nitihi rata emas, lungsir abang prabotipun, sagung ingkang wadyabala.
Risang Citrasena nenggih, wadya lawan sikeping prang, wong sawurda sami ngangge, pan malela kang gagaman, tumbak lan suduk pedhang, abir lawan dhuwungipun, miwah kang malela.
Apan sami wus undhagi, langkung wasisi olah pedhang, ngilat thathit gumebyane, kilat-kilat keh gagaman, weh maras kang umiyat, lir soroting Hyang Sutengsu, anelahi sabuwana.
Ingkang anambugi malih, wuri sira Citrasena, nenggih putreng Hyang Endrane, warujune Atmajendra, tungguling pra Jawata, Jayantaka parabipun, rata kapur tinitihan.
Rinenga-rengga asri, rata kapur : kang winarna, yeku lintang atas reke, mesi brani warnanira, tur iku mawa ganda, ruming ganda langkung merbuk, lir kasturi sru angambar.
Dwajanira kang winarna, seta pulasireng dwaja, sing carmaning kakayone, dewandaru kang kinarya, tengeran mring Jayantaka, rinarengga adi luhung, ingumpalan rukmi mulya.
Sugandaning rata amrik, kongas ingkang ratus ganda, maweh enggar jroning tyase, sagung ingkang para wira, anggege tempuh yuda, panggih sami sureng kewuh, datan nedya ngundurana.
Kang mbarepi sagung baris, pra Jawata pipilihan, ingkang dadya ing pamuke, dadya kalih barisira, saparo wong sayuta, panganggene adi luhung, cacapingan kancana bra.
Sami sikep tomara di, ingkang munggeng ngayunira, sikep raras Jawatane, ngiwakaken ing colika, nengenken sepawatra, ababaju saha rukuh, miwah topong kencana bra.
Bajotatren langkung asri, linambaran ing kancana, awit sekar kancanane, ginagubah tibeng jaja, awedhak mamentahan, sing kasturi ganda arum, kasenenan Sanghyang Surya.
Dene ingkang aneng wuri, pamungkase pra gagaman, Sang Harjuna ing lampahe, rata manik tinitihan, pangiridireng rata, Mahatali aranipun, mila Mahatali nama.
Datan lawan den pecuti, amung ati pecutira, wus nggraita sakarsane, wonten dene dwajanira, wau ta Sang Harjuna, lungsir pethak dwajanipun, wawayangan Sang Harjuna.
Yen kasorot dening rawi, tumibeng mring dwajanira, wawayangan ing katone, kadi lamun ciri nyata, wayangan Sang Harjuna, yen dinulu warnanipun, kadi citreng Sang Harjuna.
Dene ta kang munggeng ngarsi, ngarsanira Sang Harjuna, pra gandrawa anem-anem, nedheng lagya tumambirang, pra samya nitih rata, nenggih raras sikepipun, sangang ewu cacahipun.
Widadari ugi ngiring, nulya ingkang para wira, sami nitih diradane, kathahira mung sayuta, gumolong lulumbungan, yen dinulu ting janggunuk, dene wurining dirada.
Wong anunggang kuda sami, winicara kathahira, pan sawurda ing kathahe, sami sikep towok samya, dinulu asri raras, kang minangka dwajanipun, nenggih saking lar garudha.
Bra markata yen ingeksi, anglir mega nglimput surya, akakantha lad-alade, kalamun den upamakna, lir lidah neng aldaka, ngalad-alad abra murub, kadya ayun mamangan rat.
Ana dene kang winarni, pangawating bala kuswa, Citrarata paparabe, senapati ngadilaga, myang sagung pra Jawata, ing Kaendran sadaya byuk, umiring Sang Harjuna.
Glaring lampahira sami, wau ta Sang Batharendra, durga byuha panatane, lampahireng para wadya, lir toya ambalabar, angebegi lurung-lurung, jejel pepet yel-uyelan.
Sampun dennya medal sami, wau wong ing Suralaya, mijil saking kayangane, ambarubul tanpa kendhat, lir langit arsa tiba, sami mandhap lampahipun, mring Semeru suku arga.
Kumrap lampahireng baris, lir segara ngawang-awang, seg-seseg nglangit rubuhe, kumedhaping pra sanjata, lan kenyaring gagaman, lir andaru sagang ewu, tidhem soroting Hyang Surya.
Amawelu Sanghyang Rawi, kasorot sagung gagaman, tinon kadi upamine, gagaman wong Suralaya, mijil saking Kayangan, ngambah dharat lampahipun, kadi lamun Sanghyang Siwah.
Duk akarya jagad nguni, kanang jagad pitu ika, lebur tumpur sakabehe, gunung gempur dadya tegal, kambah mring gajah kuda, sadayane temah ewu, kaedegan wadyabala.
Kuneng lampah sampun prapti, pabarisan Suralaya, lambung gunung Semerune, ingkang leres kidul ika, de Sanhyang Surapatya, sampun ngrakit baris agung, sagung wadya Suralaya.
Lawan sampun mawas sami, pasang rakitireng mengsah, para Dewa sakathahe, anut gigiring aldaka, ngideran sagung bala, kang pangarsa sampun tempuh, tan na arsa ngundurana.
PUPUH XIV
D U R M A
Duk kapapag wau baris Suralaya, kalawan pra raseksi, campuh ing ayuda, prang sami cucukira, keh ginanyang yaksa sami, wadya Jawata, rinempak mungsuhe wil.
Tan antara praptane ingkang sanjata, pangarseng kang para wil, wadya sang Niwata, kot buta tandangira, rinabaseng tan nasari, wadya Jawata, ingungsir mungsuh aglis.
Kang saweneh mungsuhira binalenan, pra yaksa datan aris, nora nganti prentah, tengerane tininggal, gagamane ngantya lali, tandang kot buta, lan tangan angakahi.
Pan mangkana tandhange para danawa, sru kagyat denya meksi, wadya Suralaya, dadya keh kaplajar, gila mungsuh mring para wil, pinelak ditya, Jawata samya wingwrin.
Katingalan dening Bathara Endra, yen cucuking prajurit, sami kapalajar, sigra Sang Batharendra, denya nabuh tengran nitir, karya reh gelar, titindhihing ajurit.
Sang Harjuna minangka senapati prang, kanthinira ing westhi, nami Citrarata, anjaga senaparya, anitihi liman nenggih, parlu rumeksa, Harjuna denya jurit.
Wus lumirig lampahe wong Suralaya, sumedya mrepak jurit, ya ta lampahira, wus tekeng ing payudan, ana ngangsu ngambil warih, awit palagan, tan ana toya wening.
Mila tanpa toya dening kagunturan, paprangan kang winarni, watunira atap, kiwa tengen paprangan, apa geger kang neng ngarsi, wong Suralaya, warata kang pangarsi.
Pan arata ngayune para raksasa, ingapit jurang sugil, ngungkuraken jurang, jero myang kayonira, kyeh widara tepung eri, karyaning Dewa, denira masang sandi.
Palayuning yaksa sampun pinasangan, mring Dewa Suranadi, karya reh sangsaya, kang saminitih kuda, samya kinen aneng wuri, apan mangkana, denira masang sandi.
Kang minangka pangawat Sang Citragada, pangawat ingkang kering, ingkang aneng kanan, sira Sang Citrasena, Jayantakanira kanthi, lawan Sumarma, prasamya amiranti.
Yen kalojok mungsuhira pra danawa, sang wira kalih sami, nangkep kering kanan, gelare wus prayoga, panatane rinarakit, gelar ingaran, ngun-angun den wastani.
Sasmpuning dadi gelaring ayuda, kumeraping kang baris, wadya bala yaksa, tengara sru tinatap,

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar